Home Foto album BZ Group SRP Youtube Radio streaming My Blog

Resep Panganan Boso Jowo
  Soko Mbak Ariane 

 

Mihun Saus Tirem

Keperluan:

1 bungkus mihun garing
100 gr urang sing wis diresiki, turahke buntute
2 sendok makan ebi (dikum banyu kareben empuk)
3 iji endog pitik
1 lenjer godong prei
3 siung bawang putih
1 lombok abang
1 sendok makan kecap asin
1 sendok makan saus tirem (oostersaus)
½ sendok makan kecap manis
½ sendok teh merico
1 sendok makan lengo wijen

Corone Nggawe:

  • Mihun digodok sedelo wae kareben lemes, banjur dientas, disaring, bilas nganggo banyu adem. Sisihno.
  • Endog dikocok disik, banjur digoreng karo setitik lengo gawe koyo nggawe orak-arik. Sisihno.
  • Bawang putih karo merico, lombok abang, uleg lembut, ebi ugo diuleg alus. Godong prei rajang miring alus.
  • Panaske lengo wijen ning wajan, banjur tumis bumbu , cemplungke ebi-ne, wolak walik sedelo, nganti arum, lagi cemplungke godong prei, lan urang, kecap lan saus tirem, wolak walik maneh sing roto, lagi nusul mihun, orak arik endog pitik, dilebokno bareng, aduk2 nganti  roto, masak sak wetoro banjur diangkat.
  • Sajekno panas2 karo di-pyuri bawang goreng nduwure (sing seneng).

Daging Kacang Tolo

Keperluan:

500 gr daging sapi
350 ml santen kentel
1,5 banyu adem
100 gr kacang tolo
15 iji lombok rawit
½ brambang bombay
3 siung bawang putih
2 lembar godong salam
laos cilik digepuk
50 gr gulo abang
uyah sak cukupe roso (naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Godok kacang tolo nganti empuk, banjur guwak banyune,
  • Daging diiris persegi kotak2 cilik, banjur kumbah, godok karo banyu nganti empuk.
  • Brambang, bawang uleg alus.
  • Engkrongke wajan, banjur daging karo kacang tolo lebokke, santen lan bumbu2 nusul, ugo lombok rawite. Wolak walik roto, lebokke godong salam ugo laos, gulo abang uyah. Masak nganti mateng / sat banjur diangkat.
  • Sajekno.

Kue Putu Ayu

Keperluan:

250 gr glepung trigu
200 gr gulo putih
2 iji endog pitik
1 sendok teh uyah
1 sendok teh vanilla
1 sendok teh emulsifier
200 ml santen, godog nganti umob,ademke.
1 sendok teh pandan pasta
100 gr klopo parutan

Corone Nggawe:

  • Kukus ning dandang, klopo parutan sing wis dicarup karo uyah ± 15 menit.
  • Santen dicampur karo pandan pasta godog nganti umob, ademke.
  • Endog, gulo putih, uyah, emulsifier, vanille dikocok nganti putih/ mumbul.
  • Lebokke glepung trigu setitik2 karo diayak, aduk karo sendok kayu nganti roto.
  • Lebokke santen mateng, pandan pasta, campur nganti roto tenanan.
  • Siapno citakan putu ayu, lebokke disik klopo parutan-e, lagi nduwure diwenehi adonan mau, karo rodo di-enet2 kareben padet.
  • Panaske dandang isi banyu, kukus putu ayu nganti ± 20 menit, banjur diangkat.
  • Sajekno karo nduwure di-pyur2-i gulo alus (poeder suiker).

Bakpao Daging Sapi

Keperluan Kanggo Kulit:

500 gr terigu protein sitik (law protein)
25 gr gist encer
300 ml susu melk seger sing anget
50 gr gulo alus
1 sendok teh uyah

Keperluan Kanggo Isi:

500 gr daging sapi cincang (gehakt)
3 siung bawang putih, rajang alus
1 lenjer godong prei, rajang alus
½ sendok teh mrico bubuk
½ sendok makan gulo pasir
1 cm jahe, digepuk
2 sendok makan kecap
1 sendok teh uyah
1 sendok makan maizena
100 ml banyu
Lengo goreng sitik wae dinggo nggongso/numis

Corone Nggawe:

  • Terigu, gist, melk, gulo, lan uyah campur dadi siji, uleni nganti roto lan kalis, banjur ning tlenan ombo, di-banting2 sedelo, supoyo lumer lan kalis temenan. Banjur ditutup karo serbet, banjur di-jarke ± 1,5 jam supoyo adonan mumbul. (awas temperature kamar kudu anget 23-25 C)
  • Siapno wajan isi lengo sitik, banjur bawang, godong prei, lebokke, wolak-walik, daging lebokke, ugo bumbu2 liyane, wolak walik maneh, maizena dijur karo banyu sitik wae, banjur cemplungno, udek nganti roto. Yen wis mateng lan sat lagi diangkat.
  • Adonan kulit yen wis cukup wektune lan ketok mumbul, banjur wiwit digawe, carane jupuk 2 sendok makan ± 50 gr ( cukupan sedenge ) utowo 75 gr (rodo gede sithik), banjur dicemet / dilembarno, isi karo ragout daging sapi mau, banjur tutup sing apik, karo di bunderi / glindingi.
  • Lebokke dandang sing wis umob banyune, bakpao anggone ndeleh kudu diwenehi jarak/gang supoyo yen mekar ora kelet antarane siji lan siji-ne. Tutup dandang kudu dilambari serbet, supoyo banyu ora netes ning adonan bakpao.
  • Sajekno panas2. 

Lemper Ayam

Keperluan

1 kg beras ketan, dikum ± 2 jam
1 lt santen
1 lembar godong pandan
2 lenjer sere, jupuk ngisore lan digepuk
2 sendok teh uyah
Godong gedang dinggo mbungkus, plastic sak cukupe.

Keperluan Kanggo isi:

450 gr daging ayam / kipfilet
300 ml santen
4 siung bawang putih
½ wungkul bawang bombay
6 wungkul kemiri
1 sendok teh tumbar bubuk
½ sendok teh jinten bubuk
4 lembar godong salam
5 lembar godong jeruk purut
2 sendok makan gulo pasir
1 wungkul cilik laos, digepuk
uyah sak cukupe (naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Ketan: santen, godong pandan , sere lan uyah digodog nganti umob.
  • Lebokke beras ketan-e, wolak walik nganti sat. Angkat.
  • Kukus ketan mau nganti mateng. Suwene masak watoro 25 menit, yen wis adem, banjur godong pandan, sere diguwak.
  • Isine: ayam godog nganti mateng, yen wis adem banjur disuwiri  cilik2. Utowo diblender sedelo , kasar wae.
  • Bumbu2 uleg alus, banjur ditumis sedelo, lebokke santene, godong jeruk, godong salam, lan laos, lagi daging sing wis disuwiri nusul lebokke, wolak walik nganti roto lagi diangkat.
  • Yen wis siap kabeh, lagi miwiti ngisi, jupuk watoro 2 sendok makan ketan sing wis mateng mau, penet2 ning tangan, karo rodo dilembarno, banjur diisi karo ragout ayam, tutup sing apik, karo dibentuk bunder lonjong dowo.
  • Bungkus karo godong gedang, utowo plastic sing rapi.
  • Yen kepingin lemper bakar utowo panggang, sing nganggo bungkusan godong biasa, iso di panggang sak wetoro, nganti godong ketok ijo kesoklatan, lagi diangkat.
  • Sajekno.

Kue Maco

Keperluan:

250 gr glepung ketan
1 sendok makan glepung beras
180 gr gulo pasir
225 ml banyu adem
2 lembar godong pandan
1 bungkus vanillesuiker (± 4 gr)
½ sendok teh uyah
150 gr wijen putih
lengo goreng sak cukupe (dinggo nggoreng)

Corone Nggawe:

  • Gulo pasir, lan godong pandan, uyah, vanillesuiker, godog bareng, nganti gulo pasir ajur. Angkat, lan enteni sedelo nganti rodo anget.
  • Glepung ketan karo glepung beras di-campur, banjur disok-i karo gulo banyu mau sitik mboko sitik karo diuleni nganti adonan iso dibentuk. Di-jarno watoro 15 menit.
  • Adonan jupuk setitik2, banjur dibentuk dadi bunder dowo, banjur banjur gulung2no ning wijen , karo di-ambali maneh nganti adonan entek.
  • Panaske lengo ning wajan, banjur goreng nganti mateng kuning kesoklatan. Angkat.
  • Sajekno (simpen ning wadah sing rapet)

Putri Raja

Keperluan:

1 kg telo menyok sing wis diparut (diperes buak banyune)
300 gr gulo pasir
1 bungkus ager2 putih
250 ml santen kentel
100 gr klopo parutan
5 iji gedang rojo sing dowo
1 sendok teh uyah.
Godong gedang sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Gedang rojo dikukus disik sak durunge nganti setengah mateng.
  • Telo parutan, ager2, gulo, santen, klopo parutan, uyah campur dadi siji, nganti roto.
  • Lembarno godong gedang-e, banjur jupuk pirang sendok adonan telo mau, banjur gedang rojo mau didekek tengahe, gulung godong gedang mau, (koyo ngganwe lontong) tutup karo biting.
  • Gawe maneh nganti adonan entek, banjur dikukus nganti mateng.
  • Angkat, lan sak wise adem lagi diiris, gulungno ono klopo parutan .
  • Sajekno.

Kue Bugis

Kanggo + 30 bungkus

Keperluan kanggo kulit:

500 gr glepung ketan
400 ml santen
8 gr vanille suiker
1 - 1,5 sendok teh kookkleurstof werno ijo
½ sendok teh uyah

Keperluan kanggo isi:

140 gr klopo parutan
1 bungkus cilik vanille
3 lembar godong abang
1 sendok teh uyah

Corone nggawe:

  • Keperluan kanggo bahan isi mau deleh ono wajan, aduk2 nganti roto, masak nganti sat, lagi diangkat. Sisihno.
  • Glepung ketan campur santen ugo jinggo ijo, uyah ulet dadi siji. Uleni nganti roto lan kalis.
  • Jupuk kiro2 sak bal pingpong gawe bunderan lagi dicemet, banjur tengah-tengahe isi karo krenten (klopo parutan) kiro2 sak sendok makan.
  • Tutup rapet kiwo tengene, isi ojo nganti metu ning njobo. Gawe adonan bugis mau nganti entak. Toto ning dangdang rodo dienet stik supoyo rodo roto (plat).
  • Kukus + menit, nganti katon gilap lan kalis tandane yen wis mateng.
  • Lagi dibungkus siji2 karo plastik

Kakap Asem Manis

Keperluan:

 500 gr daging iwak kakap
2 siung bawang putih
½ sendok teh mrico bubuk
½  sendok teh jahe parutan
1 jeruk nipis
1 sendok teh uyah
lengo goreng sak cukupe
2 endog pitik
150 gr glepung maizena

Keperluan kanggo saus:

2 siung bawang putih
1 brambang Bombay
1 sendok teh gulo pasir
300 ml banyu adem
7 sendok makan tomato kechup
½ sendok makan maizena (dijur ning banyu)
100 gr kacang polong (doperwten)

Corone Nggawe:

  • Iwak kakap iris sedengan gedene, banjur dibumboni, karo mrico, bawang putih, jahe parutan, banjur dikeceri karo jeruk nipis, jarke sak wetoro.
  • Yen wis cukup bumbune meresep, banjur celupno ono endog sing wis dikocok, sak wise gulungno ning glepung maizena, goreng  nganti kuning  mateng. Angkat.
  • Corone nggawe saus: brambang, bawang dirajang, gongso sedelo, banjur lebokke banyune, gulo pasir, tomato kechup, maizena, lan doperwten mau, aduk2 sedelo banjur diangkat
  • Sajekno, carane  iwak kakap dideleh ono schaal banjur disuri karo saus asem manis mau panas2.

Tumis Kangkung Trasi

Keperluan:

1 iji wutuh tahu
1 iket kangkung
100 gr ebi (dikum disik)
5 iji lombok abang gede
5 wungkul brambang cilik
4 siung bawang putih
4 wungkul kemiri
½ sendok makan trasi
2 cm laos
1 sendok makan kecap manis
1 sendok  teh uyah (naar smaak)
Lengo goreng sayur .

Corone Nggawe:

  • Tahu ketok2 persegi cilik, goreng setengah mateng. Sisihno.
  • Kangkung petiki godonge, gagange disigar dadi loro, ketok2. Kumbah resik.
  • Lombok abang, brambang bawang rajang miring. Kemiri uleg lembut.
  • Panaske wajan isi lengo ± 3 sendok makan, dinggo numis, lebokke brambang bawange, lombok abang tumis nganti arum, kemiri nusul, banjur cemplungke kangkunge, ebi, uyah laos, tahu, trasi,  lagi kecap ditambahno, wolak walik nganti roto, banjur diangkat.
  • Sajekno panas2.

Kue Soes

Kanggo 22 kue Soes

Keperluan kanggo kulit:

100 gr glepung trigu
3 iji kuninge endog pitik
2 iji putihe endog pitik
75 gr mertego
25 gr butter
200 ml banyu adem
1 sendok teh uyah
1 sendok teh baking powder

Keperluan kanggone isi:

  • 250 ml susu encer / seger
  • 75 gr gulo pasir
  • 50 gr glepung maizena
  • 1 iji kuninge endog
  • 1 bungkus gulo vanille (4 gr)

Corone Nggawe:

  • Kulit : banyu, gulo, butter lan mertego godog nganti umob.
  • Lebokke trigu-ne sitik2, ulet nganggo sendok kayu, nganti mateng .
  • Lebokke baking powder, endog kuning lan putih, aduk roto dadi siji, nganti ketok kalis  lan mengkilat.
  • Lebokke ono kantong spuit, citak ning loyang sing wis diolesi karo mertega tipis2.
  • Panggang ning oven panas  ± 180 C, suwene  ± 35 menit, nganti ketok kuning kesoklatan. Angkat.
  • Isine / vla: Campur susu karo gulo pasir, maizena, kuning endog, vanilla dadi siji, banjur diaduk sing roto.
  • Masak ning panci nganggo geni cilik wae, nganti mateng lan kentel, banjur diangkat.
  • Corone ngisi: kue Soes sing wis dadi mau diiris ngisore sitik , banjur diisi karo vla vanille sing wis dadi mau. Kerjakno nganti kue soes lan isine mau entek.
  • Sajekno karo dilambari kertas roti.

Sambel Goreng Buncis

Keperluan:

250 gr buncis
100 gr urang (diresiki turahke buntute)
50 gr pete (wutuhke / disibak dadi loro)
5 iji lombok abang gede
¼ brambang bombay
3 siung bawang putih
1 sendok teh  gulo pasir
1 sendok makan ebi (dikum disik jarke empuk)
500 ml santen
salam & laos, uyah setitik (naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Buncis dikumbah, buang pucuk2 e, banjur diiris cendak2.
  • Lombok abang, brambang, bawang, rajang miring tipis.
  • Ebi diuleg.
  • Panaske lengo goreng setitik ono wajan, banjur bumbu2 digongso sedelo, lebokke urang lan pete-ne, lagi buncis nusul, salam ugo laos nusul. Wolak walik sedelo, banjur lebokke santene separo wae, banjur ditutup sedelo. Ebi-ne nusul lebokno.
  • Sing pungkasan lebokke siso santene, uyah lan gulo pasir, wolak walik maneh, nganti santene umob.Di-jarke rodo sat setitik, lagi diangkat.
  • Sajekno. Luwih enak disajekno karo lontong.

Sop Buntut

Keperluan:

1 kg buntut sapi
2½ liter banyu
2 lenjer wortel sing gede
4 iji kentang
1 lenjer godong prei, jupuk ngisore wae
2 lenjer selderij
Bawang putih goreng saak cukupe

Keperluan kanggo bumbu:

4 iji cengkeh (kruidnagel)
2 iji kapulogo
½ sendok teh polo
½  sendok teh mrico
5 siung bawang putih
2 cm jahe (sak wungkul cilik)
lengo goreng sitik dianggo numis
uyah sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Buntut sapi dimasak/digodog ning presto (snelkookpan) ± 45 menit nganti empuk tenan daginge. Yen wis empuk, jupuk buntut sapi-ne sisihno.
  • Bumbu2 diuleg sing alus, godong prei dirajang alus miring. Selderij rajang alus.
  • Enkrongke wajan isi  lengo sitik, tumis bumbu2 mau disik nganti arum & layu, lagi cemplungke daging buntute, wolak walik roto, yen wis ngono cemplungke ning panci buillon daging buntut sing wis ditumis karo bumbu  mau.
  • Godog maneh, wortel lan kentang dikatutno pisan. Uyah sak cukupe (naar smaak) yen wis empuk lan mateng banjur diangkat.
  • Sajekno panas2 ning mangkok karo di-pyuri selderij lan bawang putih goreng, sego putih, sambel kecap utowo sambel bawang, emping, sing seneng kecut iso dikeceri sitik nganggo jeruk pecel / nipis.

Cake Tape Ketan Ireng

Keperluan:

225 gr mertego (blueband)
5 iji endog pitik
225 gr glepung terigu
185 gr gulo pasir
150 gr tape ketan ireng

Corone Nggawe: 

  • Gulo pasir karo mertego dikopyok nganti mumbul
  • Lebokke glepung terigu sitik sitik, diaduk karo sendok kayu, nganti campur roto
  • Jupuk sak- pre-telon wae (1/3 adonan) banjur campur karo tape ketan ireng mau.
  • Siapno cetakan cake sing bolong tengahe, (loyang tulban) sing wis di-olesi mertego tipis2, lagi dilemeki kertas roti.
  • Lebokke ning citakan roti adonan sing wis dicampur karo ketan ireng mau, lagi tumpuki nduwure karo siso adonan cake mau.
  • Bakar ning oven karo panas 180 C suwene 50-60 menit.
  • Angkat yen wis mateng ketok kuning kecoklatan.
  • Ademke lagi diirisi.
  • Sajekno.

Udang Balado

Keperluan:

600 gr urang ukuran gede
200 gr pete
10 iji lombok abang gede
5 siung bawang putih (sing 2 siung uleg lembut)
½ iji brambang bombay
2 sendok makan banyu jeruk nipis/ lemon
5 lembar godong jeruk
uyah sak cukupe (naar smaak)
Lengo sitik dinggo numis.

Corone Nggawe:

  • Urang diresiki (karekno buntute wae), banjur dikumbah dikum karo banyu jeruk nipis/lemon, bawang putih sing wis uleg-an, uyah setitik. Dikum sak wetoro.
  • Engkrongke wajan isi lengo sak cukupe wae, banjur urang mau digoreng. Sisihno.
  • Lombok abang uleg sing lembut, 3 siung bawang putih + brambang  rajang tipis miring.
  • Tumis brambang bawang nganti arum, banjur lebokke lombok abang sing wis diuleg, pete, uyah, godog jeruk purut, wolak-walik sing roto, lagi urang dicemplungno. Wolak walik maneh, tunggu sak wetoro ben bumbu mresep. Angkat
  • Sajekno panas2.

Soes Kering (garing)

Keperluan:

250 gr glepung terigu (ayak)
400 ml banyu adem
200 gr mertego
1 sendok teh peres baking powder
3 endog pitik
6 gr buillon blok roso ayam (kipbuillon)
½ sendok teh uyah

Corone Nggawe:

  • Banyu karo mertego deleh ono panci, banjur digodog nganti umob.
  • Lebokke glepung terigune, diudek nganti kalis, angkat  lan di-jarke supoyo adem disik.
  • Yen wis adem, lebokke endog-e siji mboko siji, karo diulet nganggo sendok kayu nganti campur tenan.
  • Lebokke pisan baking powder mau lan diaduk maneh nganti roto.
  • Banjur lebokke ning kantong semprotan, siapno loyang sing wis dioseri karo mertego, lagi disemprot-ke adonan mau nganti entek.
  • Bakar ning oven, panase 175º C nganti kuning kesoklat-an. Angkat.
  • Lan simpen ning wadah sing rapet.

Tip: Yen Soes mau kurang garing iso dioven maneh, nanging ngenteni ben adem ndisik.

 

Kue Kering Keju & Selderi

Keperluan:

450 gr glepung terigu (diayak disik)
200 gr mertego
35 gr gulo pasir alus
150 gr keju parutan
2 kuning-e endog pitik
25 gr susu bubuk / cream
2 sendok makan selderi rajangan alus
1 sendok teh uyah
1 sendok teh baking powder

Corone Nggawe:

  • Mertego karo gulo pasir , kocok nganti alus, banjur lebokke kuning-e endog mau, kocok maneh nganti roto.
  • Susu bubuk karo keju parutan lebokke, aduk roto, lagi katutno pisan glepung terigu karo baking powder. Ulet nganggo tangan nganti roto lan kalis.
  • Giles ning tlenan ombo, lan dicitak dowo lonjong.
  • Banjur toto ning lengser sing wis diolesi karo mertego tipis2. Olesi nduwure karo kuning- e endog.
  • Panggang ning oven, panas 175ºC nganti kuning kesoklatan. Angkat.

Kacang Bawang

Keperluan :

500 gr kacang tanah sing wis oncekan (ongepelda pinda´s)
8 siung bawang putih
1½  sendok makan uyah
1 blok buillon ayam (kip buillon ± 11 gr)
250 ml banyu
Minyak goreng / sla olie sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Bawang putih onceki, banjur iris tipis2, goreng nganti kuning. Sisihno.
  • Engkrongke banyu nganti umob, banjur kacang dikum ning banyu panas mau , lebokke buillon, ugo uyah, dijarke sak wetoro kareben bumbune meresep. Diangkat banjut ditus.
  • Panaske wajan isi lengo, goreng nganti kuning kesoklatan. Angkat.
  • Campurke karo gorengan bawang putih sing wis digoreng, wolak walik nganti roto.
  • Sajekno.

Amandel Crispy (Almond)

Keperluan:

250 gr mertego
100 ml putih-e endog
250 gr gulo pasir alus
225 glepung terigu (diayak)
1 bungkus vanilla suiker (4 gr)
½ sendok teh cream of tartar
100 gr amandel bubuk
50 gr amandel (iris tipis2)

Corone Nggawe:

  • Mertego karo gulo alus, vanille,  kocok nganti putih. Sisihno.
  •  Putih e endog diublek nganti kaku, lebokke cream of tartar ning kocok-an  mau, banjur bali di-kocok maneh.
  • Lebokke kocok-kan endog mau ning njerone kocokkan mertego. Aduk alon2, lebokke pisan glepung terigu karo amandel bubuk mau, karo diudek alon wae. Nganti  campur lan kalis.
  • Terus dilebokke ning kantong semprotan (bakers spuizak).
  • Siapno loyang roti sing wis disemir karo mertego tipis2 lan diwenehi glepung terigu tipis2. Banjur adonan semprotke ono loyang,  yen wis nduwure diwenehi irisan amandel.  Kanggo noto adonan ning loyang mau, ojo dengket2, amargo bakale yen wis  ning njero oven / masak, adonan dadi ombo, mulo rodo adoh jarak/ gang-e.
  • Panggang nganggo panas 150º C kiro-kiro suwene 20 menit.
  • Angkat land adem-ke disik lagi disimpen ning wadah sing rapet.

Lemon Butter Cookies

Keperluan:

500 gr glepung terigu
350 gr mertego
150 gr gulo pasir alus
1 endog pitik
25 ml lemon juice
1 sendok makan parutan kulit jeruk /lemon (geraspte citroen)
1 sendok teh concentrated color egg yellow
10 gr cokelat bubuk / powder
Kismis (ireng) sak cukupe, dikum ono banyu disik, lagi di-tus.

Corone Nggawe:

  • Mertego karo gulo alus kocok ora perlu kaku.
  • Lebokke endoge karo terus dikocok
  • Lebokke glepung  terigu , aduk alon2, lagi dilebokke lemon juice , citroenrasp, lan color egg yellow( kuning kleur )
  • Adonan au dibage dadi loro, sing sebagean tetep rupo kuning, sing sebagean ditambah karo cokelat bubuk, iki diaduk/ diuleni sing roto.
  • Siapno loyang diolesi karo mertego, banjur lambari nduwure kar okertas roti, citak adonan mau , karo diwenehi nduwure kismis (krenten, rozijnen).
  • Panggang ning oven, panase 160º C suwene 25 menit. Angkat lan ademke.

Kemplang

Keperluan :

200 gr glepung ketan
100 gr glepung beras
100 gr klopo parutan
1 sendok teh uyah
125 ml banyu
Lengo goreng sak cukupe.

Keperluan kanggo njobone:

100 gr gulo pasir
100 ml banyu
1 bungkus vanilla ( ± 4 gr )

Corone Nggawe:

  • Glepung ketan lan glepung beras, klopo parutan, uyah campur dadi siji, banjur disok-i  sitik2, uleni nganggo tangan, nganti ora kelet ning tangan (kalis), banjur digawe wujud lonjong-lonjong utowo bunder cilik. Gawe adonan mau nganti entek.

  • Panaske lengo ning wajan, banjur goreng adonan mau nganti kuning kesoklatan. Angkat.

  • Enkrongke banyu karo gulo pasir mau ono wajan. Banjur godog nganti umob lan tuo / kentel, (iki jenenge gulo Besto), banjur kemplang sing wis digoreng, dilebokke ono besto mau, banjur di-wolak walik nganti kabeh roto keno gulo. Angkat lan sajekno adem2.

Kue Kacang Sehati

Kanggo 450 gr  Kue Kacang Sehati

Keperluan:

250 glepung terigu
100 gr mertego
100 gr selai (gelei)  kacang
2 kuning-e endok pitik
75 gr gulo pasir alus
50 gr kacang tanah (ongepelde pinda´s) digoreng ora nganggo lengo, (roosteren) banjur di-     blender agal  wae )
1 sendok teh baking powder

Corone Nggawe:

  • Mertego karo gulo alus kocok nganti putih. Banjur lebokke 1 wae kuning-e endog. Aduk nganti roto. Campurno selei kacang-e, diaduk maneh.
  • Lebokke glepung terigu ne sing wis dicamur karo baking powder, banjur diaduk nganti roto.
  • Giles adonan mau , lan dicitak wujud ati (nganggo citakan). Olesi nduwure nganggo turahan kuning-e endog mau, banjur dipyuri kacang nduwure.
  • Toto ning loyang sing wis diolesi mertego tipis2, banjur dipanggang ning oven panas 175º C. nganti kuning lan mateng. Angkat.
  • Sajekno.

Domino Coffie Mocca

Kanggo 650 gr Domino Coffie Mocca

Keperluan Kanggo sing putih:

150 gr mertego
300 gr glepung terigu (ayak disik)
65 gr gulo pasir alus
2 kuning-e endog
75 gr keju edam parutan
1 sendok teh baking powder

Keperluan Kanggo sing mocca:

100 gr mertego
250 gr glepung terigu
1 kuning-e endog
75 gr gulo pasir alus
25 gr susu bubuk
25 gr glepung maizena
1 sendok teh baking powder
2 sendok teh “ Aroma Pasta Coffie Mocca”
1 sendok makan cokelat bubuk

Corone Nggawe:

  • Sing putih :  Mertego karo gulo alus kocok sing lembut. Lebokke pisan kuning e endog, kocok maneh nganti campur lan roto, Lebokke keju-ne, glepung terigu lan baking powder. Ulet roto adonan nganti kalis, banjur digiles kandel-e  ± 2 mm.
  • Sing Mocca:  Mertego karo gulo alus kocok nganti lembut. Lebokke kuning e endog karo coffie mocca mau, kocok maneh suwene 3 menit. Lebokke glepung terigu, susu bubuk, baking powder, lan maizena. Aduk roto nganti kalis, banjur digiles lan, kandel-e podo karo sing putih. ( 2 mm )
  • Susun ketok-an mau selang seling antarane putih lan Mocca. Gawe dadi 5 susun.
  • Banjur di-ketok2, lan delen ono loyang sing wis diolesi tipis2 karo mertego.
  • Panggang ning oven panase 175 º C nganti kuning kecoklatan.
  • Sajekno.

Ketan Urap

Keperluan:

1 kg beras ketan, dikum ± 3 jam
½ liter santen
1 sendok teh uyah
2 lembar godong pandan

Keperluan kanggo Urap-e:

250 gr klopo parutan
150 gr ebi (dikum ning banyu panas, kareben empuk)
5 iji lombok abang gede
1 sendok teh uyah
3 sensok makan gulo pasir
6 lembar godong jeruk purut.

Corone Nggawe:

  • Kukus ketan setengah mateng, banjur diangkat.
  • Godog santen lan godong pandan, uyah nganti umob. Angkat.
  • Lebokke ketan mau ning godokan santen, wolak walik roto, banjur kukus ketan mau nganti mateng. Angkat.
  • Ebi karo lombok abang uleg / blender sing alus.
  • Engkrongke wajan sing dikek-i lengo goreng sitik wae, klopo parutan campur karo bumbu, godong jeruk purut, di-gongso nganti mateng lan garing. Banjur diangkat.
  • Lagi gulo pasir lan uyah dicampur ke, carup karo urap mau nganti roto.
  • Sajekno, carane ketan mau dicitak cilik2 utowo sak karep, lagi diglundungk-e ono sak nduwure urap mau.

Dendeng Ragi

Keperluan:

1 kg daging sapi
600 gr klopo parutan tuo lan nom campur
1 brambang bombay
5 siung bawang putih
2 sendok teh tumbar
1 sendok teh jinten
½ liter banyu
4 lembar godong salam
4 lembar godong jeruk purut
100 gr gulo jowo
2 sendok makan banyu asem
Uyah sak cukupe (naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Daging sapi iris tipis2 ombo.
  • Bumbu2 uleg alus.
  • Sediakno wajan gede, daging sapi, klopo parutan, bumbu2 campur dadi siji, banjur ramesi alon2 nganti kabeh kecampur roto.
  • Masak nganti sat lan daginge empuk, banjur terus di-wolak walik nganggo geni cilik wae, nganti rupane soklat lan garing.

Ayam Bumbu Bali

Keperluan:

1 kg suwiwi pitik
7 iji lombok abang gede
½ iji  brambang bombay
4 siung bawang putih
2 cm jahe
2 lenjer sere, jupuk ngisore wae.
5  wungkul kemiri
2 iji tomat mateng
2 sendok makan kecap manis
2 lembar godong salam
4 lembar godong jeruk purut
½ sendok teh terasi baker
Uyah sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Suwiwi ketok dadi loro, kumbah resik. Banjur goreng setengah mateng wae. Sisihno.
  • Bumbu 2 uleg alus / blender, tomat iris cilik2, jahe lan sere digepuk.
  • Engkrongke wajan, isi lengo goreng sitik dienggo numis, tumis bumbu2 mau nganti arum, lebokke godong salam ugo godong jeruk, tomat, lan sere lan jahe.
  • Lebokke ayam-e. wolak walik nganti roto, lagi uyah lan kecap dicemplungno pisan.
  • Masak nganti mateng. Angkat.
  • Sajekno panas2.

Cah Tahu Broccoli

Keperluan:

1 iji wutuh tahu, dicincang alus (fijn hakken)
1sendok makan  lengo wijen (sesam olie)
2 siung bawang putih, rajang  alus
50 gr daging ayam (kipfilet) iris alus
150 gr broccoli
250 ml banyu
½ sendok teh mrico bubuk
1 sendok teh uyah
1 sendok teh glepung kanji

Corone Nggawe:

  • Panaske wajan  sing wis diisi karo lengo wijen, tumis bawang putih nganti arum.
  • Lebokke daging ayam-e, walik2 nganti mateng, lebokke broccoli-ne, aduk2 nganti layu.
  • Tambahno tahu- ne , banyu, masak nganti umob. Lebokno mrico, uyah, wolak-walik roto.
  • Kanji di jur karo banyu adem sitik, banjur lebokno ning wajan, masakan nganti ketok rodo kentel. Yen wis mateng banjur diangkat.
  • Sajekno karo sego putih panas-panas.

Nogosari

kanggo 16 bungkus

Keperluan:

300 gr glepung beras
150 gr glepung hungkwee
3 lembar godong pandan
200 gr gulo pasir
1,5 lt santen
1 sendok teh uyah
4 gedang rojo sing wis mateng tenan ketok2 cilik
Godong gedang sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Panci isi santen sing wis dikek i gulo, uyah lan godong pandan, campurno pisan glepung  beras ugo hungkwee, aduk2 nganti roto lan ajur, banjur engkrongke panci ning nduwur kompor, masak nganti kentel  karo terus diaduk supoyo ngisore ora gosong. Banjur diangkat.
  • Sediakno godong gedang sing wis di lap resik kanggo mbungkus.
  • Lebokno ± 2 sendok makan adonan mau, isi karo irisan gedang mau, banjur dibungkus persegi dowo, lempit pucuk2e, banjur dikukus watoro 30 menit.

Acar kuning

Keperluan:

2 iji wortel
1 iji timun
100 gr acar brambang (zilver uitjes)
15 iji lombok rawit (sing seneng pedes)
100 gr buncis
100 gr kembang kol (bloemkool)
100 ml banyu adem
Lengo  goreng dinggo numis

Bumbu2:

3 siung bawang putih
1 sendok teh mrico alus
1 sendok teh cuka
2 cm jahe , digepuk
1 lenjer sere, keprek ngisore
½  sendok teh kunir bubuk
2 sendok makan gulo pasir
1 sendok makan  uyah

Corone Nggawe:

  • Bumbu2 dialuske / blender.
  • Wortel, timun , buncis, ketok persegi cilik dowo, kembang kol iris kasar.
  • Enkrongke wajan isi lengo goreng, tumis bumbu2 sing wis diuleg ugo lombok rawit-e nganti arum, lebokke sayuran e sing wis dikumbah resik,  wolak-walik roto.
  • Campurke pisan gulo pasir lan uyah, masak nganti layu / mateng. Angkat.
  • Sajekno panas2.

Asinan buah

Keperluan:

3 iji dondong
2 iji bengkuang (besusu)
1 iji nanas
100 gr wortel
1 iji pelem mentah
100 gr tauge
100 gr kacang tanah (ongepelde pinda´s)

Keperluan kanggo saus:

750 ml banyu adem
150 gr gulo jowo
50 gr ebi (dikum disik)
2 sendok makan gulo pasir
1 sendok teh uyah
2 siung bawang putih
6 iji lombok abang gede
6 iji lombok rawit (iso ditambah sing seneng pedes)

Corone Nggawe:

  • Buah ono nduwur kabeh mau kumbah resik, banjur ketok cilik kotak/miring.
  • Kacang tanah digoreng nganti mateng. Sisihno
  • Bumbu2 banjur diuleg/ blender sing alus.
  • Enkrongke banyu ning panci, bumbu2 mau dicemplungke, godog nganti umob. Angkat. Dijarke disik kareben adem disik
  • Lagi buah mau dicampur karo saus bumbu, aduk sing roto. Banjur simpen ning kulkas.
  • Sajekno adem2 karo dipyuri kacang tanah nduwure, nganggo krupuk special kanggo asinan luwis enak.

Sate Kambing

Keperluan:

1 kg daging wedus bagean pupu
2 sendok makan irisan gulo abang
2 sendok makan tumbar bubuk
5 siung bawang putih (parut lembut)
¼ sendok teh mrico bubuk
50 ml kecap manis
1 jeruk nipis (citroen)

Corone Nggawe:

  • Daging wedus iris cilik2 ± 2,5 cm
  • Danging carup karo bumbu2 mau ugo jeruk nipis sing wis diirisi, dijarke sawetoro sewengi ono kulkas.
  • Lagi esuke disunduki, carane mbakar yen wis dibakar setengah mateng banjur dicelupke ono turahan bumbu maneh, banjur dibakar nganti mateng.
  • Sajekno karo sego putih anget2, karo sambel kecap sing wis dikek-i rajangan godong jeruk purut, lalapan brambang mentah, tomat, utawo timun.

Pudding Durian

Keperluan:

1 bungkus ager2 werno kuning (Swallow Globe)
200 gr daging-e duren
150 gr gulo aren (iris alus)
750 ml banyu adem
2 sendok teh maizena
250 ml santen kentel
½ sendok teh uyah

Corone Nggawe:

  • Santen kentel campur karo maizena, duren, aduk2 nganti roto lan alus.
  • Siapno panci isi banyu, lebokke ager2-e, gulo aren,uyah, aduk2 sedelo banjur dimasak,karo diudek terus
  • Cemplungke santen kentel mau, masak nganti umob, banjur diangkat.
  • Citak nganggo citakan ager2 sing wis disiapno. Dijarke disik, lagi yen wis adem iso dilebokke kulkas. Keno ditok-ke soko citakan yen wis adem lan diiris.
  • Sajekno karo vanille vla.

Nasi Rawon

Keperluan:

1 kg daging sapi
8 iji brambang cilik
6 siung bawang putih
3 iji lombok abang gede
4 wungkul kemiri
1 cm kunir
4 lembar godong jeruk purut
2 lenjer sere ( jupuk bonggole banjur digepuk)
1 sendok teh gulo pasir
1 sendok teh tumbar bubuk
1 sendok teh mrico bubuk
10 iji kluwak ( jupuk daginge kluwak, di-kum ning banyu panas )
1500 ml banyu adem
2 sendok teh uyah ( naar smaak)
3 sendok makan lengo sayur dinggo numis.

Corone Nggawe:

  • Daging kumbah disik, banjur iris persegi kotak.
  • Engkronge panci isi godog nganti umob, banyu daging dilebokke.
  • Bumbu2 uleg alus / blender.
  • Panaske lengo ning wajan, banjur bumbu2 mau gongso nganti arum lan layu, lebokke godog jeruk lans ere ne pisan, uyah. Lagi bumbu2 mau cemplungke ning panci isi daging. Godog nganti daginge empuk lan bumbune mresep.
  • Kurang uyah iso ditambah semono ugo banyu/ duduh / saus rawon mau ora oleh sat.
  • Yen wis daging wis empuk tenan, banjur diangkat.
  • Sajekno karo sego putih, lalap tauge mentah, sambel trasi lan krupuk urang. Nduwure rawon dipyuri brambang goreng.

Jangan Lombok

Keperluan:

400 gr tempe
400 gr tahu
1000 ml santen
150 gr pete (yen seneng pete)
10 ijo lombok ijo
10 ijo lombok abang gede
10 lombok rawit
6 iji brambnag cilik
4 siung bawang putih
2 cm laos digepuk
3 lembar godong salam
2 sendok teh uyah
1 sendok teh gulo jowo
3 sendok makan minyak sayur dinggo numis

Corone Nggawe:

  • Tempe lan tahu rajang persegi kotak cilik. Banjur gongso sedelo ono wajan, lengo sak cukupe wae ,goreng setengah mateng. Sisihno.
  • Lombok ijo, abang gede, rawit, pete, rajang miring, brambang, bawang rajang miring alus.
  • Panaske lengo sitik ning wajan, banjur kabeh bumbu mau ditumis nganti arum, lebokke santen-ne banjur tempe tahu nusul, laos ugo godong salam, uyah lan gulo jowo.
  • Udek2 terus nganti umob, lan ojo nganti pecah santen-ne. Masak sakwetoro lagi diangkat.

Dadar Manis

Keperluan:

200 gr pannekoek meel ( glepung pannekoek )
1 endog pitik
300 cc susu seger
¼ sendok teh uyah
lengo kanggo ngolesi wajan

Keperluan Kanggo isi:

300 gr klopo parutan sing nom
150 gr gulo pasir
4 gr vanille
2 lembar godong pandan
300 ml banyu
jinggo abang sak cukupe
½ sendok teh uyah

Corone Nggawe Kulit:

  • Kabeh sing dibutuhke kanggo kulit mau campur dadi siji, aduk / kloppen, nganti roto.
  • Siapno  wajan/ koekepan ukuran 24 cm, banjur didadar tipis2, koyo ndadar endog, sak lembar mboko sak lembar , nganti adonan entek. Sisihno.

Carane Nggawe Isi:

  • Engkrongke wajan isi banyu, banjur gulo , vanilla, godong pandan dilebokno.
  • Godog nganti umob, banjur parutan klopo mau lebokno, jingo abang lebokno pisan, wolak walik nganti sat, geni kudu dicilikno, supoyo ora gosong ngisore, wolak walik nganti sat. Banjur diangkat.
  • Kulit dadar sing wis dadi mau, dilembarno sji2, banjur diisi karo krenten ( isi ) 2 sendok makan , banjur digulung mlebu , dilempit sing apik.
  • Sajekno.

Gudeg Solo

Keperluan:

5 kaleng (blikjes) gori sing nom (Green Young Jackfruit)
½ pitik wutuhan (een halve kip)
500 ml santen
5 wungkul brambang cilik
5 siung bawang putih
2 sendok teh ketumbar bubuk
1 sendok makan uyah (naar smaak)
150 gr gulo abang
250 ml banyu adem
4 lembar godong salam
1 wungkul laos
1 mangkok kulit brambang (kulit brambang cilik, dudu Bombay)

Corone Nggawe:

  • Kulit godong brambang godog karo banyu, yen wis ketok abang banyune banjur diangkat disaring. (Gunane kanggo ngabangke gorine)
  • Bumbu 2 iuleg alus (blender), laos digepuk. Banjur daging pitik tugel dadi loro.
  • Godog ning panci utowo kwali, daging pitik karo gori mau, nganggo banyu brambang. Bumbu2 dilebokke pisan barengan karo salam ugo laos mau. Yen wis banyu rodo sat, lebokke santenne pisan, masak nganti sat. Angkat.
  • Sajekno karo dilengkapi sambel goreng krecek, ayam opor, endog pindang, ugo sambel trasi karo lalapan timun.

N.B.: Yen ono tanah Jowo ngabangke gori kanggo gudeg, karo banyune godong jati sing wis digodog.

Pecak daging

Keperluan:

750 gr daging haas
400 gr tahu
250 ml santen kentel
750 ml banyu
10 iji lombok abang
10 iji lombok rawit
5 wungkul miri
1 sendok teh kencur
1 sendok cilik asem jowo
4 lembar godong jeruk purut
1 sendok teh gulo pasir
25 gr kemangi
2 sendok the uyah (naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Daging dikumbah resik, iris kotak2 sedengan gedene.
  • Engkrongke panci isi banyu, banjur daging digodog nganti empuk. Yen wis empuk diangkat. Sisihke.
  • Tahu iris persegi cukupan, banjur goreng setengah mateng.
  • Bumbu2 uleg alus, banjur godog dadi siji ning wajan, cemplungke daginge sing wis empuk mau, godong jeruk purut, uyah lan gulone. Wolak- walik roto lan masak rodo sat, tunggu  bumbu meresep tenan, lagi tahu lan kemangi dicemplungno .
  • Wolak walik sedelo banjur dientas.
  • Sajekno panas2 karo diwuwuri nduwure brambang goreng.

Krengsengan daging

Keperluan:

1 kg daging sapi
5 wungkul brambang cilik
4 siung bawang putih
5 iji lombok ijo
2 sendok makan petis (Condiment of  Fermented Shrimp)
1 sendok teh uyah (naar  smaak)
1 lt banyu
3 lembar godong jeruk purut
2 sendok makan lengo sayur dienggo numis.

Corone Nggawe:

  • Daging iris persegi segi sedengan, kumbah resik
  • Brambang, bawang petis, uleg lembut.
  • Lombok ijo ketok cilik2.
  • Panaske wajan isi lengo, tumis disik lombok ijone, lagi nusul bumbu2, godong jeruk uyah, sak banjur daging cemplungno, wolak- walik nganti roto, lagi banyu ne nusul.
  • Masak nganti empuk, yen kurang empuk iso tambah banyu panas sitik wae, semono ugo uyah-e. Masak nganti sat lan daginge empuk tenan lagi diangkat.
  • Sajekno karo dipyuri brambang goreng.

Bakwan sarang burung (eci)

Keperluan:

150 gr glepung trigu (tarwe bloem)
100 gr tauge
100 gr jagung (in blik)
1 lenjer prei, ngisore wae
3 lenjer selderi
100 gr urang sing wis resik
2 iji endog pitik
1 sendok teh bawang putih bubuk
½ sendok teh mrico
U
yah sak cukupe
Lengo goreng sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Taoge kumbah resik, di- atus- ke, prei lan selderi rajang alus.
  • Kocok endog pitik-e, yen wis rampung carup karo glepung trigu-ne, uyah, mrico, aduk roto. (cicipi disik) (zout naar smaak)
  • Lebokke taoge, jagung, prei, selderi pisan, aduk roto.
  • Panaske wajan isi lengo, banjur di- goreng, nganggo citakan sendok sayur/ irus kayu.
  • Corone nggawe:  sendok sayur-e / irus kayu,  di- kum disik ning lengo panas, angkat, lagi isi karo adonan mau, urange tumpangke nduwure, sawuri  karo lengo panas,  banjur celup ning  wajan nganti kerendem lengo goreng, adonan bakale ucul dewe  soko sendok sayur mau, goreng wolak-walik nganti kuning ke-soklat-an (bruinachtig)
  • Angkat lan sajekno anget-anget, karo lalap lombok rawit.

Ketan saus pudding duren

Keperluan:

500 gr ketan, dikum disik ± 2 jam suwene.
300 ml santen
1 bungkus ager2 Swallow Globe
400 ml banyu adem
2 iji endog pitik
300 gr daginge duren
200 gr gulo pasir
1 bungkus vanille (4 gr)
½ sendok teh uyah
Sumbo (bio kookkleurstof) abang, ijo, soklat.

Corone Nggawe: 

  • Kukus ketan mau suwene ½ jam, angkat banjur campur karo santen, setitik mboko setitik, campur ½ sendok teh uyah, aduk2 roto, banjur dekek ono schaal persegi  utowo loyang, di-enet2 sithik kareben padet. Kukus maneh suwene 15 menit. Angkat.
  • Kocok endog karo gulo pasir nganti ajur gulane, lebokke daging duren-ne kocok terus, nanging ora perlu mumbul, campurke santen, vanille, uyah ugo banyu adem mau, lan ager2 e, udeg nganti roto.
  • Bage adonan dadi 4 bagean, sing 3 bagean diwenehi jinggo/sumbo abang, ijo, soklat. Sing sak bagean ora nganggo.
  • Masak seje2  nganti umob.
  • Banjur sing werno ijo didekek ono nduwure ketan mau, di jar-ke ben rodo atos disik lagi tumpangi sing soklat, di jar-ke disik, lagi tumpangi maneh sing putih, keri dewe lagi tumpangi sing werno abang. Banjur disimpen ning njero kulkas.
  • Sajekno karo di-iris2 sak karep ati.

Ikan Balado

Keperluan:

500 gr iwak tenggiri
1 jeruk pecel/ citroen
75 gr lombok abang gede
½ brambang bombay
4 siung bawang putih
1 sendok makan gulo pasir
1 tomat
50 gr pete
1 sendok makan saus tirem (oestersaus)
uyah sak cukupe (zout naar smaak)
lengo goreng

Corone Nggawe:

  • Iwak diresiki, buwak sirahe, belek awake/ garis2, banjur dikeceri karo banyu jeruk pecel, di-jarno kiro-kiro 10 menit.
  • Brambang, bawang, lombok abang rajang  miring2. Pete disigar dadi loro.
  • Panaske lengo goreng ning wajan, goreng iwak mau nganti mateng. Angkat, sisihno.
  • Tumis bumbu2 mau nganti arum, lebokke pisan  pete-ne.( lengo goreng kudu anyar kiro-kiro 3 sendok makan). Lagi iwak mau dicemplungno, gulo pasir, uyah, paling keri lagi saus tirem mau dicemplungno, wolak walik nganti roto, banjur diangkat.
  • Sajekno karo sego pulen panas2.

Botok Teri

Kanggo 10 bungkus

Keperluan:

300 gr klopo parut sing isih nom.
50 gr pete
50 gr teri sing seger / teles
6 iji lombok ijo
10 iji lombok belis / rawit
5 iji belimbing wuluh
10 lembar godong salam
½ brambang bombay
4 siung bawang putih
2 cm laos
1 sendok makan gulo jowo irisan
1 sendok teh  uyah (zout naar smaak)
Godong gedang kanggo mbungkus sak cukupe.

Corone Nggawe:

  • Lombok ijo, rawit, di rajang miring.
  • Brambang, bawang, uyah uleg lembut, laos diparut.
  • Pete di rajang mirimg tipis2. Belimbing wulus iris2.
  • Klopo, lombok irisan, teri, pete, lan belimbing wuluh, bumbu campur dadi siji, campur nganti roto, siapno godong gedang, carane godong gedang dilembarno, dekek godong salam ning ngisore disik , banjur isi karo adonan botok, ciduki 2 utowo 3 sendok makan, lagi dibitingi. (koyo wujud tum-tum an)
  • Kukus ning dandang watoro 30 menit. Angkat.
  • Sajekno.

Getuk lindri

Keperluan:

1 kg telo menyok (singkong)
150 gr klopo parutan sing rodo nom
100 ml banyu mentah
200 gr gulo pasir
1 sendok teh vanille
Sumbo (kookkleurstof) kuning, abang ,ijo, lan cokelat bubuk.

CoroneNggawe:

  • Telo dionceki, ketok2 cilik, dikumbah banjur dikukus (di dang) nganti mateng & empuk.
  • Isih panas, banjur dideplok, utowo digiling nganti alus.
  • Godog banyu  karo gulo pasir lan vanilla nganti gulo ajur. Angkat.
  • Banjur di sok-no ning telo sing wis alus digiling mau, campurno klopo parutan-e sing 50 gr wae. Aduk2 nganti roto, banjur dibage dadi 4 bagean. Siji2 bagean diwenehi sumbo abang, ijo, kuning, lan cokelat. Campur nganti roto seje2 bagean mau.
  • Lebokke ning gilingan getuk lindri (of gehakt molen), banjur di-iris2.
  • Sajekno karo diwuwuri siso-ne klopo parutan sing wis dikukus karo campuri uyah sitik (zout naar smaak) mau.

Chiffon Pandan Cake

Keperluan:

200 gr glepung trigu
1 sendok teh baking powder
½ sendok teh vanille
7 kuning e endok pitik
7 putih e endog pitik
200 ml santen
200 gr gulo pasir alus (baster suiker)
50 ml lengo goreng sayur
½ sendok  teh pandan pasta (kookkleurstof)
½ sendok teh cream of tartar
½ sendok teh uyah

Corone Nggawe:

  • Kocok putihe endog karo uyah nganti mumbul , lebokke saitik mboko saitik  gulo alus,  kocok nganti putih kentel. Lebokke cream of tartar kocok nganti kaku lan mumbul.
  • Dekek glepung trigu ning wadah, gawe luwengan ning tengahe, lebokke kuning- e endog, karo diaduk alon2, lebokke lengo goreng-e, santan, karo pandan pasta-ne, aduk2 sing roto.
  • Lebokke kocokan putih endog mau ning wadah isi trigu sing wis dicampur karo kuning-e endog karo santen.
  • Deleh ono citakan CHIFFON PANDAN CAKE sing garis tengahe 22 cm, lan duwure 10 cm. Sing wis dilambari karo kertas roti.
  • Panaske oven-ne disik  ± 10 menit, panas oven 160 C , panggang suwene 1 jam.
  • Yen wis cukup wektune, angkat lan di-walik citakan-e. Didemke disik, lagi cake di tok-ke soko cetakan.
  • Sajekno.

Bolu panggang pisang ambon

Kanggo 20 iji bolu panggang

Keperluan:

200 gr glepung terigu
15 gr susu bubuk
5 iji endog pitik
20 gr maizena
175 gr gulo putih
150 gr gedang ambon, dialuske disik
50 gr mertego, kocok disik nganti lumer.
kismis (krenten) sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Endog pitik karo gulo dikopyok nganti mumbul lan kaku.
  • Sak rampunge lebokke glepung trigune karo maizena, gedang ambon, lan mertegone, aduk alon2 nganggo sendok kayu.
  • Yen wis campur roto lagi dilebokke ning citakan kue  bolu.
  • Panaske oven 180C , panggang bolu mau watoro 10 menit.
  • Yen wis setengah mateng bukak sedelo, lagi dikek-i nduwure karo kismis / krenten. Lebokke maneh ning njerone oven.
  • Panggang bolu mau nganti ke-soklat-an.
  • Angkat lan sajekno.

Daging buntel

Keperluan:

150 gr daging sapi giling (rundergehakt)
150 gr daging ayam giling
2 iji endok pitik
10 lembar godong sawi putih (celery cabbage)
½  sendok teh mrico ireng bubuk
1 sendok makan oregano
1 sendok makan seledri rajangan
4 siung bawang putih , parut  lembut (cacah lembut)
½ sendok teh polo bubuk
1 sendok teh uyah (naar smaak)
5 iji lombok rawit abang (sing ora seneng pedes, ora perlu nganggo)

Corone Nggawe:

  • Godong sawi kumbah resik, banjur dikukus sedelo kareben lemes. Yen wis mateng  angkat, sisihno.
  • Daging sapi giling lan ayam carup dadi siji karo bumbu2 mau, endok pitik lebokke pisan, uleni nganti roto.
  • Jupuk 5 lembar godong sawi, dijejer no dadi siji, ojo nganti bolong tengahe, kudu sing rapet. Banjur deleh 5 sendok makan daging giling sing wis dibumbu mau ono nduwure godong sawi. Yen wis rampung, gulung godonge, pinggire tutup nganggo biting (cocktail prikkres).
  • Panaske oven 200 C, panggang  suwene 30 menit, masak nganti kekuningan.
  • Sajekno karo kentang goreng, utowo sego anget-anget.

Nasi tumpeng kuning

Iki resep kanggo wong 20

Keperluan:

4 kg beras sing pulen (pandanrijst)
3 liter santen
10 lembar godong salam
10 lembar godong jeruk purut
4 lenjer sere, jupuk ngisore
10 cm kunir, dionceki, bakar disik
3 sendok teh banyu jeruk pecel
3 sendok teh uyah

Corone Nggawe:

  • Beras pususi resik, kunir dibakar disik lagi diparut, peres banyune( keno nganggo kunir bubuk ± 3 sendok teh) banjur dicarup karo kunir, direndem sik watoro 15 menit. Lagi ditus.
  • Godog santen karo godong salam , godong jeruk purut, sere (gepuk disik bonggole) wenehi peresan banyu jeruk pecel, uyah . Udeg2 ojo nganti mumbul, lagi beras dicemplungke. Wolak walik roto, awas ojo nganti gosong ngisore, ( yen ono nganggo panci Teflon luwih apik) ben ora gosong, mulo kudu kerep diudeg. Yen wis sat lagi diangkat.
  • Panaske dandang , lagi beras karon mau dimasak watoro suwene 45 menit. Angkat.
  • Citaki sego kuning rikolo isih panas karo di-enet2  kareben  padet tenanan, siapno tampah sing wis dilambari karo godong gedang,  sego sing wis dicitak  wujude lincip (iso nganggo kukusan) utowo citakan bunder , yen nganggo citakan bunder soyo menduwur soyo luwih cilik ukurane, banjur ditumpuk koyo nggawe  wujud pyramid utowo stupa.
  • Lagi direnggo-renggo karo hiasan (versiering) sayur2an utowo buah.
  • Sajekno, karo ditumpangi lelawuhan koyotho: ayam goreng, tempe tahu bacem, sambel goreng ati & endog, perkedel, urapan, timun, utowo endog dadar sing wis diiris tipis 2 dowo.

Tip: Masake sego kuning yen rumongso kakehan iso dibage dadi rong bagean (masak sego kaping pindo dadine ngango setengah resep wae.

Plecing kangkung

Keperluan:

400 gr kangkung
5 brambang cilik
13 lombok rawit
3 sendok teh trasi
1 sendok teh uyah
1 jeruk pecel (jupuk banyune)
5 sendok makan lengo goreng sayur

Corone Nggawe:

  • Kangkung diresiki, sigar tengah  gagange kangkung, petiki godong-e, kumbah resik.
  • Kukus kangkung ning dandang nganti mateng. Angkat.
  • Brambang, lombok, trasi uleg kasar / ojo lembut2.
  • Panaske lengo ning wajan , tumis bumbu2 mau sedelo, uyah lebokke, wolak walik sedelo. Angkat.
  • Sajekno  ning schal kangkung didisikno, banjur tumpangi nduwure karo sambel plecing mau, keceri karo duduhe jeruk pecel.  

Lumpia Semarang

Keperluan:

Bahan kanggo kulit lumpia:

150 gr glepung trigu
50 gr glepung maizena
200 ml banyu  adem
1 endog pitik
3 sendok makan lengo goreng
1½ sendok teh uyah

Corone Nggawe Kulit:

  • Glepung trigu, banyu , endog pitik, uyah lengo goreng campur dadi siji, udek nganggo sendok kayu nganti alus lan kalis temenan. Dijarke disik watoro 30 menit.
  • Panaske wajan Teflon, olesi nganggo lengo disik tipis2, lagi dicetak koyo nggawe dadar sing tipis. Sisihno.
  • Ulangi nganti bahan mau entek. Kanggo 30 lembar.

Bahan kanggo isi:

200 gr rebung (bamboescheuten)
100
gr taoge
250 gr urang
200 gr daging pitik (kipfilet)
4 wungkul cilik brambang
3 siung bawang putih
1 sendok makan kecap manis
1 sendok makan taoco manis
1 sendok makan saus tirem (oestersaus)
½ sendok teh mrico bubuk
½ sendok teh uyah
1 bungkus bouillon (blokjes)
Lengo goreng sak cukupe dienggo nggoreng

Corone Nggawe:

  • Brambang, bawang dirajang alus, daging pitik godog setengah mateng, iris kotak-kotak cilik, urang diresiki, banjur dicacah, ora sah alus-alus.
  • Rebung soko kaleng (blik), iris miring cilik2.
  • Panaske wajan isi lengo ± 2 sendok makan, tumis/gongso brambang, bawang nganti layu / arum, lebokke taoco-ne, daging ayam, urang, banjur rebung, wolak-walik roto, banjur kecap, saus tirem, mrico bubuk, uyah katutno, aduk roto. Angkat.
  • Yen wis tumisan adem lagi tauge dicampurno sing roto.
  • Jupuk sak-lembar2 kulit lumpia , isi karo tumisan mau ± 2 sendok makan, lempit kiwo tengene, banjur digulung mlebu, dadi wujude bunder dowo, pinggire ditutup karo lim , nganggo putih-e endog .
  • Panaske lengo ning wajan, geni ora sah gede2, goreng lumpia nganti kuning ke-soklat-an.
  • Sajekno panas-panas karo sambel botol-an utowo saus taoco, lalap lombok rawit , prei (bosuitjes)

Lidah kucing

Keperluan:

5 putihe endog pitik
1 kuninge endok pitik
250 gr gulo alus
250 gr mertego
250 gr glepung terigu
1 bungkus vanille (4 gr)

Corone Nggawe:

  • Mertego karo gulo alus mau dikocok nganti kuning alus.
  • Putih endog karo kuninge lebokke, kocok terus, kocok nganti kentel banget.
  • Banjur terigu karo vanille, lebokke, udek2 nganggo sendok kayu.
  • Banjur adonan mau dilebokke ning kantong semprotan (slagroom spuit).
  • Olesi loyange disik nganggo mertego tipis2, banjur semprotke adonan mau ning nduwure loyang.
  • Panaske oven 170 C, banjur adonan dipanggang  ± 15 menit, panggang  nganti kuning ke-soklatan.

Ikan goreng tepung

Keperluan:

2 iwak laut sing sedengan gedene (makreel of zeebaars)
1 jeruk nipis (citroen)
3 sing bawang putih
2 sendok teh ketumbar
½ sendok teh kunir bubuk
75 gr glepung trigu
1 sendok makan glepung kanji (tapiocameel)
125 ml banyu adem
Lengo goreng sak cukupe.

Corone Nggawe:

  • Bawang putih uleg lembut, campurno tumbar lan kunir bubuk .
  • Iwak ketok2, banjur keceri sedelo karo jeruk nipis mau, dijarno watoro 10 menit wae.
  • Glepung terigu, karo glepung kanji dicampur, banjur bumbu lebokke, uyah, banjur (naar smaak) diwenehi banyu adem.
  • Panaske wajan isi lengo, celupke iwak mau ning bumbu glepung mau nganti roto lan ketutup glepung, banjur goreng nganti mateng kuning kesoklatan.

 

Bacem tahu tempe

Keperluan:

400 gr tempe
500 gr tahu
4 siung bawang putih
5 wungkul brambang cilik
1 sendok teh ketumbar
100 gr gulo jowo
3 lembar godong salam
1 sendok makan banyu asem
3 cm laos
1½  sendok teh uyah
750 ml banyu
Lengo kanggo nggoreng (sla olie)

Corone Nggawe:

  • Brambang , bawang , ketumbar, uleg alus. Laos diparut.
  • Iris tempe lan tahu  persegi kotak-kotak, ukuran  4,5 x 4,5. (utowo sak karepe).
  • Engkrongke wajan, tempe, tahu,  banyu karo bumbu mau dilebokke. Salam, laos, ugo gulo jowo,uyah. Incipi disik opo asine cukup, (voeg zout naar smaak toe) karo di-wolak-walik, cilikke geni-ne, dimasak nganti sat. Banjur diangkat.
  • Panaske lengo ning wajan / wok, goreng  tempe lan tahu, nganti kuning ke - soklat2 - an. (bruinachtig).
  • Sajekno anget –anget  karo lalapan lombok rawit ijo.

Tahu kerrie

Keperluan:

1000 gr tahu
5 wungkul brambang cilik / ½ iji brambang bombay
4 siung bawang putih
5 lembar godong salam
3 lembar godong jeruk purut
1 lenjer sere , jupuk ngisore digepuk
3 sendok teh kerrie massala (Hindoestaanse kerrie)
1 sendok teh gulo jowo irisan
750 ml santen
1½ sendok teh uyah (naar smaak)
Lengo dinggo goreng

Corone Nggawe: 

  • Iris tahu kotak2 cilik .
  • Brambang, bawang, uleg lembut.
  • Goreng tahu ojo garing-garing, angkat banjur disisihno.
  • Panaske wajan isi 3 sendok makan lengo, gongso bumbu2, sere, salam , godong jeruk , banjur santen dilebokno, kerrie, gulo abang,  udeg2 ojo nganti mumbul.
  • Sakwise kui banjur tahu dicemplungno, karo diaduk alon-alon. Masak nganti rodo sat, banjur diangkat.
  • Sajekno panas-panas. Yen seneng pyuri (strooien) brambang goreng nduwure.

Cumi saus tiram

Keperluan:

500 gr cumi (inktvis)
6 siung bawang putih
½ wungkul brambang bombay
100 gr lombok ijo
50 gr pete
5 sendok teh saus tirem (oestersaus)
1 sendok teh uyah
½ sendok teh mrico bubuk
1 jeruk pecel (citroen)
1 sendok makan kecap manis.
1 lenjer godong prei, jupuk ngisore
3 sendok makan lengo sayur dienggo numis

Corone Nggawe: 

  • Cumi diresiki buang  mangsine, kumbah banjur dikeceri karo jeruk pecel. Dijarke disik ± 30 menit.
  • Brambang, bawang rajang alus, lombok ijo godong prei, pete, dirajang miring.
  • Panaske lengo ning wajan, gongso brambang, bawang nganti arum, cemplungke lombok ijo, prei lan pete-ne, wolak walik roto. Lagi lebokke cumi, tutup/ ungkep  wajan mau sak wetoro nganti cumi empuk, banjur lagi uyah , kecap manis,  saus tirem cemplungke, wolak walik nganti roto. Masak sedelo , banjur diangkat.
  • Sajekno panas2.

Wajik jahe

Keperluan:

500 gr beras ketan
500 ml santen
200 gr gulo abang/aren
3 sendok makan gulo putih
4 lebar godong pandan
5 cm jahe, bakar disik, lagi digepuk
1 sendok teh uyah

Corone Nggawe:

  • Ketan dikum watoro 2 jam, banjur ditus.
  • Kukus ketan suwene 15 menit. Angkat lan diademke.
  • Masak santen karo gulo abang karo putih, godong pandan, jahe nganti kentel kemlengo.
  • Banjur ketan dilebokno, udek2 nganti roto, karo di-wolak-walik supoyo ngisor ora gosong. Masak nganti taneg tenanan. Yen wis kroso abot tenan, wajik wis mateng siap diangkat. Sakdurunge ditetel ono loyang / lengser, jahe ditokke disik / buang.
  • Wadahi ono lengser sing wis dilambari godong utowo plastik, ratakno karo di-enet2 supoyo padet. Ademke lagi di-iris2 sak karepe ati.
  • Sajekno.

Tumis spinazie

Keperluan:

1000 gr spinazie / bayem
100 gr ebi
100 gr jagung ning blik
2 lembar godong salam
½ brambang bombay
4 siung bawang putih
2 cm laos
2 cm temukunci
2 sendok makan lengo goreng dinggo numis
1 sendok teh uyah (zout naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Ebi dikum ning banyu watoro 1 jam. Uleg alus.
  • Spinazie dikumbah sing  resik, banjur ditus.
  • Brambang bawang, iris tipis2, temukunci, laos digepuk.
  • Panaske wajan, lebokke brambang, bawang tumis nganti layu lan arum, ebi uleg-an, salam, laos, temu kunci. Aduk-aduk roto, spinazie, jagung cemplungno, uyah, wolak walik roto, yen wis spinazie layu banjur diangkat.
  • Sajekno.

 

Semprit mawar

Keperluan:

300 gr glepung terigu
75 gr glepung maizena
250 gr mertego
150 gr gulo putih alus
2 iji kuning endog pitik
3 sendok makan susu bubuk
½ sendok teh vanille
1 sendok makan peres sokelat bubuk

Corone Nggawe:

  • Kocok disik gulo alus karo mertego, nganti roto, lebokke vanille ne karo kuning endog, kocok maneh nganti roto.
  • Banjur glepung terigu, maizena lebokno, udeg nganggo sendok kayu/ spatula. Udeg nganti roto lan kalis tenan, adonan nganti iso dibentuk. Jupuk ± 2 sendok makan adonan mau, campur karo sokelat bubuk, carup nganti roto.
  • Cepakke loyang, sing wis diolesi karo mertego tipis2, banjur adonan dicetak nganggo spuit, gawe wujud mawar. Banjur nduwure wenehi rupo soklat, carane iyo nganggo spuit.
  • Lebokke ning oven panas 180C, suwene ± 20 menit, bakar nganti kuning ke-soklat-an.

Kue lapis

Keperluan:

375 gr gulo putih
315 gr glepung beras (rijstmeel)
1 liter santen
5 lembar godong pandan
60 gr glepung maizena
1 sendok teh uyah
1 bungkus vanille (vanillesuiker)
Jinggo abang & ijo sak cukupe
2 sendok makan lengo goreng sayur (zonnebloemolie)

Corone Nggawe:

  • Santen, gulo putih, godong pandan , vanille, uyah, godog nganti umob, sedelo2 diudeg, supoyo santen ora pecah lan mumbul. Angkat lan ademno.
  • Lebokke glepung beras karo glepung maizena ning santen mau, karo di-udek2 alon-alon, luwih apik  nganggo mixer, kareben glepung ajur lan   kalis tenan.
  • Yen wis rampung adonan dibage dadi 3 bagean,  putih lan 2 bagean diwenehi jingo abang & ijo.
  • Panaske dandang isi banyu, godog disik watoro 10 menit, siapno citakan kue lapis , sing wis diolesi karo lengo goreng , lebokke dandang mau, banjur adonan werno abang jupuk ± 2 sendok sayur/jangan, lebokke ning cetakan lapis mau, kukus watoro 6 menit, tutup dandang mau karo dilambari serbet, supoyo banyu soko tutup dandang ora ngenek-i lapis mau, yen wis cukup wektune, banjur dibukak, olesi nduwure ( nganggo kwas ) karo lengo goreng, banjur tumpangi karo 2 sendok makan adonan rupo putih, tutup maneh, masak watoro 6 menit, yen wis cukup wektune, bukak tutup dandang mau, olesi lengo maneh nduwure nganggo lengo, lagi bagean sing ijo tumpangno, masak koyo ning nduwur mau, mengkono mau carane, masak adonan nganti entek.
  • Yen wis rampung kareben taneg tenanan, masak kiro-kiro 10 menit maneh lagi diangkat. Yen ngirisi kue lapis yen wis adem tenan.

Tip: Dandang kudu sedelo2 didelok banyune, (supoyo ora sat) yen kari sitik iso ditambah karo banyu panas.

Terong balado

Keperluan:

2 iji terong wungu
5 iji brambang cilik
4 siung bawang putih
5 iji lombok abang gede
10 iji lombok rawit
½ tomat
2 sendok teh uyah
1 sendok teh gulo jowo irisan
2 cm laos (digepuk)
2 lembar godong salam
Lengo sak cukupe dinggo nggoreng terong.

Corone Nggawe:

  • Terong diiris tipis dowo, banjur goreng setengah mateng, angkat lan sisihno.
  • Brambang, bawang, lombok abang, lombok cilik, tomat, uleh/ blender ora usah alus2.
  • Panaske wajan isi 2 sendok makan lengo goreng, tumis bumbu2 sing wis di uleg, wolak-walik roto, lebokke salam, laos-e, uyah, gulo, lagi dikatutno pisan terong-e. Wolak walik sedelo. Banjur diangkat.
  • Sajekno karo sego panas-panas.

Ubi goreng manis

Keperluan:

500 gr ubi kuning
150 gr glepung trigu
3 siung bawang putih
2 sendok teh uyah
2 sendok teh gulo putih
1 sendok teh tumbar bubuk
200 ml  susu cair (gewone melk)
Lengo goreng sak cukupe.

Corone Nggawe:

  • Ubi dionceki, iris bunder2 tipis, kurang luwih kandel 1,5 cm.
  • Bawang putih uleg alus, glepung trigu carup karo gulo, tumbar, uyah, bawang, banjur dicampur karo susu melk, aduk-aduk nganti roto.
  • Panaske lengo ning wajan, goreng ubi mau nganti mateng ke-soklat-an.
  • Angkat lan sajekno panas2.

Wingko - babat

Keperluan:

300 gr glepung ketan (luwih apik yen glepung ketan-ne isih anyar)
300 gr gulo putih
300 gr klopo parutan sing nom
2 iji endog pitik
250 ml banyu anget
1 sendok teh uyah
1 bungkus vanille

Corone Nggawe:

  • Gulo, uyah, klopo parutan, carup dadi siji.
  • Lebokno glepung ketan-ne, banyu, carup sing roto.
  • Endog pitik campur dadi siji, vanille, aduk-aduk / ramesi nganggo tangan utowo sendok kayu, nganti roto.
  • Siapno loyang sing endek ± 2 cm duwure, olesi nganggo lengo goreng disik loyange, banjur isi karo adonan mau, nduwur di-ratak-no.
  • Panggang ning njero oven panas, ± 200 C, panggang  nganti nduwure ketok kuning-kesoklat-an.
  • Angkat, lan  adem-ke lagi diiris .

Serabi Solo

Kanggo 25 iji serabi

Keperluan:

250 gr glepung beras
1 iji endok pitik
115 gr gulo putih
250 ml santen encer
100 ml santen kentel
200 ml banyu anget2
½ sendok teh uyah
½ sendok teh vanille bubuk
½ sendok teh ragi instant/baking powder
Keju parutan / muisjes (chocolade hagel)

Corone Nggawe:

  • Glepung beras,  uyah, ragi instant, vanille bubuk campur dadi siji.
  • Gulo putih dicampur karo banyu anget2 mau, udek2  nganti ajur gulane.
  • Glepung beras wis kecampur mau, di sok-i banyu gulo sitik mboko sitik, nganti adoan dadi lumer lan alus. Tambahno santen encer, udek-udek nganti roto.
  • Panaske wajan cilik, olesi nganggo lengo goreng supoyo ora kelet.
  • Banjr cemplungke adonan mau kiro2 sak sendok sayur banjur tutup sing rapet.
  • Yen wis ½  mateng dibukak, lagi diwenehi 1 sendok makan santen kentel nduwure, banjur tutup maneh, let sedelo wuwuri nduwure serabi mau karo muisjes utowo keju parutan, tutup maneh sedelo, banjur diangkat. Susruk pinggire nganggo sotil cilik.
  • Sajekno

Pastel ayam (kip pastei)

Keperluan kanggo kulit:

500 gr glepung terigu (tarwe meel)
2 iji endog pitik
150 gr mertego
1 sendok teh uyah
150 ml banyu adem

Keperluan kanggo isi:

200 gr daging ayam , iris kotak2 cilik
1 wortel sing gede (winter wortel)
50 gr soün
3 .iji endog pitik
100 gr isi kapri (doperwtjes)
5 siung bawang putih
6 wungkul cilik brambang
1 sendok teh mrico bubuk
1 sendok teh gulo putih
2 sendok makan mertego (margarine)

Corone Nggawe Isi:

  • Brambang, bawang iris alus, wortel iris miring cilik2 tipis  alus.
  • Soún dikum nganggo banyu panas, yen wis lemes banjur deleh saringan, sat- no.
  • Endok pitik digodok nganti mateng, banjur iris kotak2 cilik./ dadu.
  • Panaske wajan isi mertego, banjur brambang bawang digongso/tumis nganti arum, lebokke isi kapri, wortel, daging ayam, mrico, gulo, wolak walik roto, lagi lebokke so´un karo  endog-e, wolak walik sedelo, angkat.

Corone Nggawe Kulite:

  • Endog dikopyok karo mertego nganti campur, banjur lebokke glepung trigune, uyah, banyu adem uleni nganggo tangan nganti roto lan kalis.
  • Giles ning tlenan ombo, nganti tipis banjur ketok ukurane sak cetakan pastel, isi karo tumisan mau, tutup  rapet nganggo banyu sitik pinggire, supoyo yen digoreng ora mbukak.
  • Yen ora nduwe  cetakan pastel iso nganggo ukuran  gelas opo mangkok sing dikurepke ning adonan sing digiles mau, dadine  wujud bunder tipis, jupuk bunderan tipis mau,  isi njerone karo tumisan, banjur ditekuk dadi loro, sak teruse pinggir2 e ditekuk mlebu menjero setitik2,  persis koyo di plintiri, gawe ngono terus nganti adonan lan isi entek
  • Sak banjure goreng ning lengo nganti kuning ke-soklat-an.
  • Sajekno karo lalap lombok rawit   utowo saus lombok ning botol.

Mie pangsit bakso kuah

Kanggo 5 mangkok mie pangsit

Keperluan:

100 gr bami special kanggo pangsit mie (pancit canton noodles)
20 lembar kulit lumpia ukuran 10x10 cm
100 gr daging ayam / pitik
100 gr daging sapi cacah/ giling  (rundergehakt)
100 gr godong  paksoy
200 gr bakso sapi  wis siap dadi (iso tuku ning toko asia)
1 sendok makan glepung kanji
1 iji endog pitik
1 sendok teh mrico bubuk
3 siung bawang putih, uleg lembut
1 sendok teh uyah
1 lenjer godong prei, jupuk ngisore wae, iris miring alus.
1 lt banyu
50 gr selderi
750 ml banyu bouillon (kaldu daging sapi)
Lengo goreng sak cukupe.

Corone Nggawe:

  • Daging pitik godok nganti empuk/ mateng . Angkat
  • Paksoy kumbah disik, banjur kukus sedelo ning dandang. Angkat.
  • Engkrongke banyu ning panci godog nganti umob, mie cemplungke, mie dimasak  nganti mateng, yen wis mateng angkat  ning saringan karo digrujuk banyu adem. Atusno, yen wis atus carup karo lengo goreng setitik, wolak-walik roto, supoyo mie ora lengket. Sisihno.
  • Corone Nggawe Pangsit : Daging cacah, godong prei, mrico, bawang, uyah, glepung kanji, endog pitik, campur dadi siji, ulet sing roto.
  • Kulit lumpia lembarno siji2, isi  ±  ½  sendok makan karo adonan daging cacah sing wis dibumbu mau, ning tengah- tengah-e  lembaran mau,  banjur dilempit dadi segi telu, tutup rapet pucuke nganggo putihe endog, banjur pucuk-e liyane tlangkup-no dadi siji, persis koyo nggawe wujud perahu  cilik. Koyo mengkono iku carane, gawe terus nganti adonan entek. Banjur digoreng nganti wernane kuning ke-soklatan.
  • Corone Nggawe Saus / Kuah Baksone : 4 siung bawang putih , cacah alus, banjur tumis sedelo, nganti arum, angkat. Panaske kaldu sapi (bouillon) lebokke bakso-ne, bawang, uyah sak cukupe (naar smaak). Godog nganti umob lan  bakso ne mateng lan empuk, cemplungke selderi, udek2 roto. Angkat.
  • Sajekno, corone nyajekno, sediakno mangkok cilik, bami diisi disik karo bami-ne lagi nduwure diwenehi paksoy sing wis dikukus, suwiran daging pitik, banjur dipyuri karo brambang goreng. Siapno ugo mangkok liyane bakso saus / bakso kuah panas-panas. Sediakno sambel botol-an karo kecap manis.

Kare gori & rebung

Keperluan:

350 gr nongko nom (gori)
350 gr rebung  (bamboeshoot)
500 ml santen kentel
5 wungkul kemiri
6 wungkul cilik brambang
5 siung bawang putih
5 iji lombok abang gede
4 ini lombok rawit / cilik
4 cm jahe
4 cm kunir, bakar disik
2,5 cm laos, digepuk
1 sendok teh trasi
1 sendok makan gulo jowo irisan.
4 lembar godong jeruk purut
1. lenjer sere, uyah sak cukupe (zout naar smaak)

Corone Nggawe: 

  • Nongko/gori, rebung kumbah resik, gori iris cilik2, rebung iris miring tipis.
  • Panaske panci isi banyu, godog rebung & gori nganti empuk.
  • Brambang, bawang, kemiri, lombok, jahe, kunir, trasi,  uleg/ blender nganti lembut.
  • Panaske wajan isi ± 3 sendok makan lengo goreng, tumis bumbu2 mau nganti arum. Cemplungke gori lan rebung-e,  wolak-walik roto, lagi dilebokke santen-ne, laos uyah, gulo jowo, sedelo2 diudek  supoyo santen ora mumbul.
  • Masak nganti santen umob, lan mateng lagi diangkat.

Ayam bakar Solo a la Rien

Keperluan:

1 utowo 2 iji pitik wutuh-an sing sedengan gedene
1 liter santen
2 lenjer sere, jupuk ngisore digepuk
5 cm laos
4 lembar godong salam
8 wungkul brambang sing cilik
8 siung bawang putih
3 iji lombok abang gede
10 wungkul kemiri
1 sendok teh jinten
1 sendok teh ketumbar
1 sendok makan munjung gulo abang wis irisan
1 sendok makan uyah (naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Ayam / pitik diresiki, kumbah lan diiris tengahe dadi loro.
  • Brambang, bawang, lombok abang, kemiri, jinten , tumbar, uleg/ blender sing lembut.
  • Panaske wajan isi lengo goreng  ± 4 sendok makan, tumis bumbu2, mau sing wis diuleg nganti arum, katutno sere-ne.
  • Cemplungke ayam-e, lagi santen  mau lebokke. Banjur salam, laos gulo jowo , uyah katutno pisan.
  • Masak nganti santen umob, lan tutup wajan mau. (ungkep) Masak ayam nganti santene rodo sat lan bumbu2 ngresep. Angkat.
  • Turahan bumbu ojo dibuang
  • Panaske oven / grill utowo barbeque…panggang ayam mau karo di-wolak-walik , semongso maliki,  karo turahan  bumbu mau di-oles2 no ning ayam nganggo kuwas, bakar / panggang nganti matenge roto lan rupane malih  kesoklatan.
  • Sajekno karo sambel trasi , lan lalapan.

Sayur asem Jakarta

Keperluan:

10 lenjer kacang lanjaran
2 iji jagung
100 gr nongko nom. ketok2 cilik
1 labu siem  (kleine meloensoort)
100 gr godong melinjo
100 gr wohing mlinjo
100 gr kacang tanah sing ora ono kulite (vliesloze pinda´s)
1½ liter banyu kaldu sapi (runder bouillon)
2 iji lombok abang gede
6 wungkul brambang cilik
5 wungkul kemiri
1 sendok teh trasi
3 sendok makan banyu asem kentel
50 gr gulo jowo
2 lembar godong salam, sak wungkul cilik laos.
½ sendok makan uyah (zout naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Lombok abang, brambang, kemiri, trasi, uyah, uleg sing lembut.
  • Kacang lanjaran, ketok ± 4 cm dowone, labu siem iris dadi loro, gosok2 supoyo ilang tlutuh-e, lagi dionceki, ketok persegi kotak2, godong mlinjo diresiki gagange.
  • Engkrongke panci isi banyu kaldu / bouillon, lebokno bumbu2 mau sing wis diuleg alus, salam, laos, campurno pisan kacang tanah/pinda´s, kacang lanjaran, labu siem, godong mlinjo, godog nganti empuk, lagi banyu asem lan gulo jowo nusul. Udeg2 roto, yen kurang uyah, iso ditambah dewe godog nganti mateng. Yen wis mateng lagi diangkat.
  • Sajekno karo sego anget2, empal & tempe goreng, utowo iwak asin, lan sambel trasi.

Sosis rasa keju

Keperluan:

1 kaleng / blik sosis sapi
200 gr glepung trigu (tarwe meel)
100 gr mertego
200 gr keju parut
2 iji kuning e endog pitik
¼ sendok teh soda / gist
½ sendok teh uyah
100 ml susu encer (gewone melk)

Corone Nggawe Kulit:

  • Endog pitik dikopyok, lebokke glepung trigu, mertego, 100 gr  keju parut, soda, uyah, aduk dadi siji, karo dijuri  susu encer, uleni roto nganggo  tangan, nganti kalis temenan. Dijar-no sak wetoro.
  • Adonan sing wis dadi mau giles ning tlenan sing ombo, kandele watoro ¼ cm. Ukuran-e  kiro-kiro 8 x 8 cm.
  • Sosis dikumbah disik, banjur buntel  karo kulite adonan mau.
  • Kopyok 1 (siji) endog pitik, kanggo ngolesi, corone; sambungane kulit sing kanggo mbuntel mau, diolesi karo endog nganggo kwas cilik, perlune rikolo di oven ora mbukak.
  • Gulungno bagean sing wis diolesi karo endog, ning turahan  keju parutan mau.
  • Panggang ning oven panas 180 C, nganti kuning kesoklatan.
  • Sajekno.

Pepes jamur (Champignon)

Keperluan:

250 gr jamur
100 gr pete
4 wungkul brambang cilik
3 lembar godong salam
3 lembar godong jeruk purut
5 lombok rawit
1 iji endog pitik
godong kemangi sak cukupe
1 sendok teh uyah
godong gedang sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Jamur kumbah resik. Iris2 ojo rodo kandel.
  • Brambang dirajang tipis, pete disigar dadi 2, utowo dirajang tipis, lombok rawit dirajang.
  • Tumis / gongso sedelo, brambang, pete, lombok rawit, aduk roto, lebokke salam ugo godong jeruk purut, jamur, uyah. Wolak walik sedelo. Angkat.
  • Kocok endog pitik, banjur dicampur karo tumis jamur mau. Aduk2 roto.
  • Siapno godong gedang sik wis dilap resik, bungkus pepes jamur mau siji2,  banjur diwenehi kemangi setitik,  lagi dikukus (stomen). Angkat yen wis mateng.
  • Yen  arep disajekno, pepes jamur mau  dipanggang sedelo ning wajan , utowo oven (grillen)  ± 20 menit, karo diwaliki.

Es teler

Keperluan:

2 avocado sing wis mateng
150 gr degan (klopo nom)
100 gr nongko wis mateng
100 gr kolang kaling (palm vruchtjes in blik)
250 ml sirop vanille
banyu mateng
susu kentel manis
es batu, digepuk / di pasrah alus, utowo (ijs klontjes)

Corone Nggawe:

  • Siapno gelas 4 iji. Deleh disik sirop vanille- ne sak  cukupe.

  • Lebokke avocado-ne, nongko, sing wis diiris kotak2 cilik, kolang kaling, lagi degan-e.

  • Sok-i saitik banyu mateng mau, lagi es pasrah, susu manis ± 2 sendok makan. Lagi nduwure diwenehi syrup vanilla sak cukupe legi-ne.

  • Sajekno.

Wedang ronde

Kanggo 16 mangkok

Keperluan:

150 gr glepung ketan
125 ml banyu anget
1 sendok teh banyu enjet (kapur sirih)
1 sendok teh uyah
100 gr kacang tanah sing wis oncekan (pinda´s zonder vlies)
25 gr wijen (sesamzaad)
275 gr gulo putih
500 ml banyu adem
8 cm jahe, dibakar, terus digepuk
2 cm sere, jupuk ngisore, gepuk
2 lembar godong pandan

Corone Nggawe:

  • Glepung ketan, banyu anget, banyu enjet, ½ sendok teh uyah, campur dadi siji. Uleni roto, banjur dibage loro, sing siji diwenehi jinggo abang.
  • Kacang tanah (pinda´s) wijen, digoreng tanpo lengo (roosteren), banjur di blender loro2 ne, lebokke 75 gr gulo putih-e, ½  sendok teh uyah, 2 sendok makan banyu anget. Blender nganti alus. Gawe bunderan2 cilik2.
  • Adonan glepung ketan werno loro mau, jupuk sak sendok2 makan, banjur isi karo bunderan soko kacang tanah / wijen  mau, tutup sing rapet.
  • Panaske panci isi banyu, godog nganti umob, banjur bunderan2 sing wis di-isi , cemplungke ning panci siji2, nganti mumbul dewe / mateng , banjur diangkat.
  • Bunderan2 sing wis mateng mau, (jenenge Ronde) lebokke / di-kum  ning banyu gulo.
  •  Corone nggawe banyu gulo-ne ,  500 ml banyu adem, campur 200 gr gulo putih, godog nganti umob. Angkat , banjur ronde cemplungno. (Di-kum ning banyu gulo)
  • Corone nggawe wedang jahe-ne: Engkrongke panci isi  ± 1 lt banyu, jahe sing wis digepuk lan dibakar,  dicemplungke, ½  sendok teh uyah, sere, godong pandan, godog nganti umob, banjur disaring.
  • Sajekno panas-panas.

Carane nyajekno WEDANG RONDE mau, deleh ning mangkok cilik ronde karo banyu gulo-ne, banjur di-sok-i duduh soko banyu jahe sing panas sak cukupe.

Tip: Enak disajekno rikolo howo lagi adem banget.

Perkedel paprika

Keperluan:

2 iji kentang kukus disik, aluske
200 gr daging giling (rundergehakt)
2 iji endok pitik
½ iji paprika abang
½ iji paprika kuning
3 iji lombok abang gede, guwak isine
1 sendok teh mrico bubuk
1 sendok teh tumbar bubuk
3 siung bawang putih
1 bungkus bouillon sapi (1 pakje runderbouillon)
50 gr selderi
50 gr godong kucai (bosuitjes)
2 sendok teh uyah (naar smaak)
lengo goreng sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Lombok abang gede, bawang uleg alus, selderi, kucai iris alus, paprika abang, kuning iris persegi cilik2. Bouillon di-jur sing alus.
  • Kentang sing wis di-jur alus, campur karo daging giling, bumbu2, paprika , selderi, kucai, uyah katutno. Ulet nganggo sendok kayu nganti roto, lagi campurno endog pitikke. Carup maneh nganti adonan iso dibentuk.
  • Panaske wajan isi lengo, goreng adonan mau nganti ke-soklat-an.
  • Sajekno anget2.

Rempeyek kacang

Keperluan:

250 gr glepung beras
2 sendok makan glepung kanji
150 ml santen (yen isih kentel iso ditambah sitik banyu)
2 iji endog pitik
5 lembar godong jeruk purut
1 sendok teh banyu enjet / kapur sirih
250 kacang tanah  (ongepelde rauwe pinda´s)  ketok dadi loro
4 wungkul kemiri
1 sendok teh tumbar
1 cm kunir
1 cm kencur
1 sendok teh garam, sak cukupe (naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Kemiri, kunir, kencur,uyah, uleg sing lembut. Godong jeruk purut dirajang alus.

  • Campur glepung beras, glepung kanji, santen, godong jeruk purut, udek2 nganti roto. Lagi dikatutno kacang-e.

  • Panaske lengo ning wajan, goreng rempeyek mau sak sendok2 ning pinggire wajan. Tipis2 wae. Diwalik ben roto matenge, goreng nganti rupo kuning ke-soklat-an.

  • Angkat yen wis mateng ning serok (zeef). Yen wis adem, simpen ning wadah sing rapet.

Lapis Surabaya

Keperluan kanggo bagean sing kuning:

20 kuning-e endog pitik
230 gr gulo putih
100 gr glepung trigu
250 gr mertego, dikocok nganti putih.
½ bungkus vanille (½ pakjes vanillesuiker)

Keperluan kanggo bagean sing soklat:

10 kuninge endog pitik
125 gr gulo putih
¼  bungkus vanille
35 gr glepung trigu
15 gram bubuk soklat.
125 gr mertego, dikocok nganti putih

Corone Nggawe:

  • Kuning endog , gulo putih, vanille dikocok nganti putih & kentel.
  • Lebokke glepung trigu-ne sitik mboko sitik, karo diaduk alon2, mertego sing wis dikocok lebokke pisan, aduk roto alon.2.
  • Semono ugo karo keperluan kanggo sing lapisan soklat. Podo corone karo nggawe adonan sing kuning.
  • Siapke loyang ukuran 22 x 22 x 2 cm. Panaske oven 180 C.
  • Lebokke adonan sing kuning separo wae. (Adonan sing kuning kanggo rong lapis /  rong resep.) Banjur lebokke oven sing wis dipanasi. Masak watoro 25-30 menit. Angkat yen wis mateng.
  • Semono ugo karo sing lapisan sing soklat. Podo nggawene koyo sing adonan kuning.
  • Siso adonan sing kuning lebokke maneh ning cetakan, banjur di oven nganti mateng. Angkat. Yen wis adem lagi ditumpuk, nanging semir/olesi disik karo selei strawberry nduwure, lagi ditumpuki sing soklat, semono ugo sing kuning.

Ayam goreng trasi

Keperluan:

25  iji pupu daging pitik sedengan gedene.
2 lenjer sere, digepuk ngisore
3 lembar godong jeruk purut
2 sendok teh gulo putih
2 sendok teh uyah
500 ml banyu adem
5 brambang sing cilik
3 siung bawang putih
2 iji lombok abang gede
2 cm kunir
1 cm jahe, digepuk
4 wungkul kemiri
10 gr trasi
5 sendok makan lengo goreng dianggo numis

Corone Nggawe:

  • Brambang, bawang, lombok, miri, kunir, uleg lembut (blender).
  • Panaske wajan isi lengo, tumis bumbu2 mau nganti arum, lebokke daging ayam-e, uyah, gulo, sere, jahe, godong jeruk purut, wolak-walik roto, lebokke pisan banyu adem-e,  tutup wajan mau, (di- ungkep) nanging karo sedelo-sedelo dibukak banjur diwolak-walik,  masak daging ayam mau nganti empuk lan bumbune mresep. Angkat.
  • Goreng daging ayam ungkep mau, ning wajan karo lengo sak cukupe, nganti ketok  kuning ke-soklat-an.
  • Sajekno panas-panas.

Roti Panada

Kanggo 16 iji

Keperluan:

250 gr glepung trigu
100 ml santen
150 ml santen anget
1 endog pitik
2 sendok makan gulo putih
1 sendok teh ragi instant
½ sendok teh uyah
250 gr iwak tuna (in blik)
2 lombok abang gede
3 wungkul cilik brambang
2 siung bawang putih
2 wungkul miri
½ sendok teh tumbar
Lengo sayur nggo nggoreng sak cukupe 

Corone Nggawe :

  • Campur glepung trigu, endog pitik, ragi instant, gulo lan uyah, aduk-aduk roto.
  • Santen anget  150 ml,  lebokke sitik2, uleni glepung trigune nganggo tangan, nganti ora pliket ning tangan, (kalis).
  • Di-jar-ke disik, watorone sak jam, tutupi karo serbet, kareben adonan mumbul .
  • Gawe isine: lombok abang  gede, brambang, bawang, tumbar, miri, uyah diuleg (blender)
  • Panaske wajan karo di kek-i 2 sendok makan lengo, tumis bumbu2 mau, nganti arum lan mateng, campurno iwak tuna-ne, santen adem sing 100 ml, wolak-walik roto masak nganti sat, banjur diangkat. (nggawe ragout jenenge)
  • Adonan di bage dadi 16 bagean (iji) banjur bagean siji2 digiles tipis. Isi karo ragout mau  ± 1 sendok makan, tutup pinggirane nganti rapet.
  • Goreng ning wajan sing wis diisi karo lengo, geni sedengan wae, goreng nganti kuning ke-soklat-an. Angkat ning serok (uit laten lekken in de zeef)

 

Endog pindang bumbu areh

Keperluan:

6 iji endog pitik
400 ml santen kentel
4 wungkul cilik brambang
3 siung  bawang putih
25 lembar godong jambu klutuk (iso diganti karo kecap manis ± 50 ml)
4 lembar godong salam
2 cm laos
1 sendok teh tumbar
1 sendok teh uyah
Banyu sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Coro no 1 : Endog digodog karo banyu, jambu klutuk, nganti mateng tenanan, yen wis mateng banjur dionceki, sisihno.
  • Coro no 2 : Endog godog karo banyu, nganti mateng, onceki, banjur godog  maneh ning panci  isi banyu, sing wis di- kek-i  kecap, banjur lebokke endog mau  nganti ketok soklat. (yen kurang soklat iso ditambahi  kecap-e). Angkat , lan jupuk endog-e wae, banyune buak.
  • Brambang, bawang, uleg alus, godog  santen ning wajan, bumbu lebokno, laos. godong salam, uyah, udek2 roto. Yen wis ketok santen-e  pecah lan koyo mlengo, lagi dilebokke endog-e mau, sak wise santen ketok kentel, cilik-ke geni-ne.
  • Wolak-walik, masak nganti santen-e sat (dadi areh). Angkat.
  • Sajekno, karo sego gurih utowo jangan gudeg.

Gedang Goreng roso nongko

Keperluan:

2 iji gedang/pisang tanduk sing tuo (kulite sing wis ireng)
300 gr nongko mateng  (in blik)
2. iji endog pitik
200 gr gulo putih
200 ml susu melk
250 gr glepung trigu (tarwe meel)
½  sendok teh soda kue (bakpoeder)
1 sendok teh uyah
6 gr vanilla (1 zakje vanilla suiker )
Lengo goreng sak cukupe.

Corone Nggawe:

  • Gedang onceki , iris tipis cilik, nongko iris cilik-cilik.
  • Endog karo gulo dikopyok, yen wis lebokke glepung trigu, baking poeder, uyah, vanille, aduk2 roto.
  • Lebokke susu melk mboko sitik karo di-aduk2 roto. Yen kurang iso ditambah banyu adem sitik wae. Di-umbar watoro  ± 10 menit, kareben adonan mumbul . Lagi nongko, lan gedang-e lebokke, wolak walik nganti campur temenan.
  • Panaske wajan, goreng adonan mau nganti kuning ke-soklat-an.
  • Sajekno anget-anget.

Kalio udang

Keperluan:

20 iji urang sing gede
½  lt santen
6 wungkul brambang cilik
4 siung bawang putih
4 iji lombok abang gede
8 wungkul miri
1 sendok tumbar
1 sendok teh mrico bubuk
3 cm kunir, bakar disik
3 lembar godong jeruk purut
2 lenjer sere
2 cm laos
1 sendok makan banyu asem
1 sendok makan gulo jowo (ukuran wis diiris alus)
Uyah  sak cukupe (naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Urang diresiki, guwak kulite, kumbah resik.
  • Brambang, bawang, lombok gede, kemiri, tumbar mrico, kunir , uleg alus ( blender ).
  • Panaske wajan isi lengo goreng, ± 2 sendok makan, tumis bumbu2 sing wis diuleg mau, nganti kuning lan arum, lebokke godong jeruk purut, uyah, laos sing wis digepuk, santen nusul, aduk ( roeren ) nganti roto. Masak sedelo, karo di-udek2 kareben santen ora pecah, lagi urang dicemplungke, lan banyu asem-e.
  • Masak nganti kentel lagi diangkat.
  • Sajekno panas-panas.

Endog Goreh

Keperluan:

10  iji endog pitik
½ lt santen
4 siung bawang putih
6 wungkul brambang
5 wungkul kemiri
1 sendok teh tumbar bubuk
½ sendok teh polo bubuk
3 cm kunir, dibakar disik
2 lenjer sere, gepuk ngisore
3 lembar godong salam
3 lembar godong jeruk purut
50 gr gulo abang
3 sendok makan lengo goreng nggo numis bumbu
uyah sak cukupe (naar smaak)

Corone Nggawe:

  • Endog digodog nganti mateng, oncek-i. Sisihno.
  • Bawang, brambang, kemiri, kunir, blender/ di-uleg sing lembut.
  • Panaske wajan, gongso/ tumis bumbu2 sing wis diuleg alus, nganti arum, lebokke godong salam, godong jeruk, polo, jinten, tumbar, sere, wolak walik roto.
  • Lebokke endog-e, banjur santen nusul, udeg-udeg nganti roto, uyah , gulo nusul. Wolak walik, godog nganti umob lan rodo sat, geni kompor kudu dicilikke.
  • Masak nganti santen sat temenan.
  • Sajekno karo di-wuwur-i  brambang goreng nduwure.

Makreel asem manis

Keperluan:

500 gr iwak Makreel sedengan gedene
4 iji lombok abang gede
3 siung bawang putih
½ sendok teh mrico
50 gr tomat puree (in blik)
½ sendok teh cuka
3 cm jahe, digepuk
1 sendok teh gulo pasir
150 ml banyu adem
uyah sak cukupe (naar smaak)
lengo goreng

Corone Nggawe:

  • Makreel resiki, guwak sirahe, kumbah resik.
  • Panaske wajan makreel goreng sedelo, setengah mateng.
  • Lombok, bawang, uleg sing alus, campurno, mrico.
  • Panaske wajan nganggo lengo ± 2 sendok makan, tumis bumbu2 mau , cemplungke pisan jahe, lagi lebokno banyune, cemplungke, saos tomat (tomaat puree) uyah, gulo pasir, aduk-aduk roto, tambahke cukak-e,  lagi dicemplungke Makreel-e. Wolak walik roto, cilikke geni kompor. Masak nganti Makreel mateng. Angkat.
  • Sajekno

Gule kambing

Keperluan:

1 kg igo daging wedus, ketok2, biasane tukang daging-e gelem ngetok-i (de slager kan het voor jou in stuken zagen)
1 lt santen
6 wungkul brambang sing cilik.
6 siung bawang putih
6 wungkul kemiri
6 iji lombok abang gede
4 cm kayu manis (kaneelstok)
1 sendok teh polo bubuk
½ sendok teh jinten
1
sendok teh tumbar bubuk
1 sendok teh gulo putih
2 cm kunir, bakar disik
2 lenjer sere, jupuk ngisore, gepuk
4 lembar godong salam,  
4 lembar godong jeruk purut,
Uyah sak cukupe.

Corone Nggawe:

  • Daging wedus digodog disik nganti umob mateng, angkat, banyune diguwak (gunane kanggo ngurangi vet lan ambune). Godog ning panci maneh nganti empuk.
  • Brambang, bawang, lombok, kunir, kemiri, tumbar, jinten, uleg (blender) dadi siji.
  • Panaske lengo ning wajan ± 3 sendok makan, tumis bumbu2 mau nganti arum, lebokke kayu manis, gulo, godong salam, godong jeruk, sere, polo, uyah. Aduk roto.
  • Banjur lagi dilebokke daging wedus-e, wolak-walik roto, lebokke santen-ne, masak nganti mateng lan daging empuk. Yen durung empuk iso ditambah nganggo banyu panas. Angkat yen wis mateng, lan daginge wis empuk tenan.
  • Sajekno panas-panas, karo diwuwuri brambang goreng nduwure.

Cantik Manis

Kanggo 16 bungkus

Keperluan:

1 bungkus glepung hungkwee (hungkwee meel)
100 gr pacar chino (tapioca korrels) werno abang.
250 gr gulo putih
850 ml santen
3 lembar godong pandan
½ sendok teh uyah
Plastik sak cukupe ukuran 20 x 15 cm

Corone Nggawe:

  • Pacar chino (tapioca korrels) digodog nganti mateng, angkat  banjur  disiram karo banyu adem, disaring.
  • Glepung hungkwee dicampur karo 400 ml santen, aduk (roeren) sing roto.
  • Siso santen, uyah, gulo putih, godong pandan, godog ning panci, diaduk terus nganti umob, godong pandan di-jupuk metu, sak banjure  hungkwee dilebokno, udek terus nganti mateng, lagi pacar cino mau, lebokke pisan. Udek2 nganti roto, banjur diangkat.
  • Siapno plastik dienggo mbungkus sing wis digunting nurut ukuran, banjur jupuk  ±  2 sendok makan, bungkus sing rapi / apik, persegi dowo. Simpen ning kulkas.
  • Sajekno adem-adem.

Sego liwet gadon

Keperluan:

500 gr beras putih sing pulen (pandan rijst)
600 ml santen encer
2 lembar godong salam
1 sendok teh uyah

Corone Nggawe:

  • Beras pususi resik.
  • Deleh ning kwali opo panci sing ngisore kandel, campur karo santen, godong salam, uyah, masak ning nduwure kompor, karo bola-bali diwalik-i.
  • Masak nganti sat, banjur ditutup kwali/ panci mau, cilikke geni kompore. Masak nganti mateng banjur diangkat.
  • Sajekno karo opor ayam, endog pindang, urap-an / gadon, tempe bacem, sambel trasi, lan krupuk urang.
  • Sego liwet biso ugo di-wuwur-i nduwure karo brambang goreng.

Jenang dodol duren

Keperluan:

500 gr daging-e duren
500 gr tape telo (cassave)
500 gr gulo putih
1 sendok teh uyah
Jinggo abang lan ijo (pandan pasta)

Corone Nggawe:

  • Duren resiki, guwak  ponggene, (isi) jupuk daginge.
  • Tape telo diresiki sontrot2 te dibuang.
  • Duren, tape telo, campur dadi siji ning wadah, aduk roto, dadekke dadi 3 bagean.
  • Sing rong bagean, diwenehi jingo (kookkleurstof) abang lan ijo, aduk nganti  roto nganggo sendok kayu, siji lan siji-ne.
  • Panaske wajan wesi, masak adonan mau siji- siji  nganti kentel. Udek terus nganti kalis (tuwo). Wolak-walik, kareben ora  gosong ngisore.
  • Semono ugo sing werno liyane.
  • Angkat. Lan di-dem-ke disik.
  • Yen wis adem lagi di-bungkusi nganggo  plastik , guntingi plastik mau ukuran 8 x 8 cm, jupuk sak sendok- sendok makan, banjur tutup rapet, turahan plastik pucuk-e dipluntir, banjur di-dlesep-ke  mlebu / di- suwel-ke menjero.

Tip:
Jenang dodol iki awet nganti wulanan, yen olehe masak taneg tenan. Iso disimpen suwe. Simpen ning kulkas. Yen arep di-dahar sak jam sak durunge kudu di-tok-ke soko kulkas.

Pudding lapis cokelat

Keperluan :

1 bungkus ager-ager Swallow Globe (14 gr)
400 ml susu melk (volle melk)
500 ml banyu adem
200 gr gulo putih
½ sendok teh uyah
1 vanille bubuk (1 zakje vanille suiker)
1 sendok makan soklat bubuk.
1 sendok teh koffie Nescafe.

Corone Nggawe :

  • Ager-ager, banyu adem,  gulo, melk, vanille, uyah, campur dadi siji, udek2 roto.
  • Bage adonan mau dadi loro ning panci, sing siji dicampur karo soklat bubuk sing wis dicampur karo koffie Nescafe, udek2 roto.
  • Engkrong-ke ning nduwur kompor adonan mau, terus karo diudeg, banjur ganti adonan sing rupo soklat, godog karo diudek terus nganti mateng. Angkat.
  • Lebokke nyang citakan ager2 sing wis di siapno, rupo soklat  disik, ademke sedelo , lagi di-tumpangi sing werno putih, ademno,  mengkono mau gonta-ganti,  nganti  adonan ager2 entek.
  • Demke sedelo ning kulkas, yen arep ngetokke soko citakan , ager2 yen wis atos temenan.
  • Sajekno karo di- sur-i saus vanille (vanille vla)

Lopis Jowo

Keperluan:

400 gr beras ketan putih
1 sendok makan banyu enjet (kapur sirih)
100 gr klopo parutan sing nom
250 gr gulo jowo
100 gr gulo putih
1 lembar godong pandan
150 ml banyu adem
½  sendok teh uyah
Godong gedang sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Gulo jowo, gulo putih, godong pandan, godog karo banyu  nganti umob, lan kentel. Saring ning saringan, banjur di-dem-ke.
  • Beras ketan pususi resik, atus-ke. Campur beras ketan mau, karo banyu enjet. Aduk2 roto. Klopo parutan carup karo uyah, kukus sedelo wae.
  • Godong gedang di lap resik, di-suwek- suwek, watoro 8 cm. Gawe koyo nggawe contong-an (3 hoekjes) banjur diisi ± 3 sendok makan,  beras ketan mau. Tutup rapet koyo nggawe wujud segi -3. Banjur di-biting-i.
  • Gawe terus wujud ngono mau, nganti entek beras ketan-ne.
  • Siapno panci isi banyu, godog beras ketan mau ± 2 jam , yen banyu rodo sat, iso tambahi nganggo banyu panas maneh. Godog nganti mateng. Angkat lan di-dem ke..
  • Sajekno, karo klopo parutan banjur di-sur-i sirup gulo abang mau.

Udang gurih

Keperluan:

15 iji urang sing gede
1 putih endog pitik
2 siung bawang putih
½  sendok teh uyah
100 gr glepung panir (paneer meel)
25 gr  keju parmesaan (parmezaanse-kaas)
Lengo dianggo nggoreng

Corone Nggawe:

  • Urang diresiki, karekno buntute wae, banjur dikumbah, di-tus.
  • Bawang putih uleg lembut karo uyah, banjur urang dicarup karo bumbu mau, wola-walik roto. Di-jar-no sak wetoro supoyo bawang putih e mresep. Karo nunggu, kopyok putih-e endog nganti mrusuh.
  • Glepung panir carup karo keju parmesaan, aduk-aduk roto.
  • Sak rampunge kui, urang celupno ning kopyokkan endog mau, banjur gulingno ning glepung panir, karo rodo dipenet, supoyo paneer iso katut temenan.
  • Panaske lengo goreng ning wajan, goreng urang mau nganti kuning ke-soklat-an.
  • Sajekno karo sambel botol-an utowo saus mayonaise.

Tip

Yen kepingin urang rodo kandel , celupke maneh ping pindo ning  kopyokkan endog . Lan gulingno maneh ning glepung panir.

Kue talam

Keperluan:

300 gr telo rambat sing kuning
100 gr glepung beras (rijst meel)
50 gr glepung kanji (tapioca meel)
150 gr gulo putih
125 ml  banyu adem
1 bungkus cilik vanille (5 gr)
250 ml santen

Kanggo Lapisan Nduwur:

300 gr santen
5 sendok makan glepung beras
½ sendok teh uyah

Corone Nggawe:

  • Telo rambat dikukus disik, guwak kulite banjur  dialusno nganti lembut.
  • Godog santen sing wis dicampur karo glepung beras, uyah, aduk2 nganti kalis lan kentel, banjur diangkat. Kanggo lapisan nduwure.
  • Engkrongke panci isi banyu (125 ml)  godog nganti umob, banjur lebokke glepung beras sing wis di jur karo banyu saitik, udek-udek nganti kalis temenan. Angkat.
  • Lebokke telo rambat-e sing alus mau, gulo, uyah, vanille lan santen-ne. Udek roto.
  • Panaske dandang, siapno cetakan (vorm van deze koek) banjur di leboni kiro ¾ kebak ning cetakan mau. Kukus setengah mateng wae.
  • Sak banjure tumpangi nduwure karo adonan santen sing  wis dicampur karo glepung beras lan uyah, kukus maneh nganti mateng.
  • Angkat, lan yen ngetokke soko cetakan mau kue talam kudu di-adem-ke disik.

Kue kendar

Kanggo 20 iji

Keperluan:

300 gr kentang
175 gr glepung trigu (tarwe meel)
3 iji kuning-e  endog pitik
2 iji  putih- e  endog pitik
100 gr gulo putih
50 gr mertego
400 ml  santen
½  sendok teh vanille bubuk
½  sendok teh  uyah

Corone Nggawe:

  • Kentang dikukus nganti mateng, onceki, isih panas, banjur dijur (fijne stampen) nganti alus temenan.
  • Kuning endog, lan putih-e endog, gulo putih, dikocok (diubleg) nganti mumbul, lebokke santen-e, mertego, vanilli, uyah, udek nganto roto.
  • Banjur di-lebokke kentang-e  karo trigune saitik mboko saitik, karo diudek alon-alon  lan roto.
  • Panaske citakan kanggo apem utowo citakan sing vorm-e bunder2. Olesi karo lengo goreng setitik, gunakno nganggo  kuas cilik, lagi adonan dicemplungke , kiro3/4 wae. Tutup karo tutup panci sing pas karo citakan.
  • Yen wis setengah mateng bukak, banjur diwalik. Angkat.
  • Sajekno karo klopo parutan, di-pyur2-i gulo putih alus (poeder suiker)

Arem arem

Keperluan:

450 gr beras, pususi resik
900 ml santen encer.
2 lembar godong salam
250 gr daging sapi giling ( rundergehakt )
2.iji wortel ukuran sedeng
2 iji kentang
3 wungkul cilik brambang
3 siung bawang putih
5 iji lombok rawit
½ sendok makan kecap asin
½ sendok teh mrico bubuk
½ sendok teh gulo putih
100 ml banyu adem
2 sendok makan lengo goreng
Godong gedang sak cukupe

Corone Nggawe:

  • Corone masak berase: 3 siung bawang putih uleg alus, Panaske panci isi santen, yen wis umob, lebokke beras lan bawang uleg-an,  godong salam, (bawang iso digongso disik)  uyah sak cukupe (naar smaak), banjur beras dimasak nganti sat (dadi beras karon).
  • Corone Nggawe Isi: wortel, kentang iris persegi cilik2 ± 0.5 cm, brambang, bawang, lombok rawit dirajang alus.
  • Tumis / gongso  brambang,  bawang , lombok, cemplungke kentang lan wortel-e, wenehi banyu 100 ml, aduk2 (roeren)  roto. Lagi dilebokke daging giling-e, wolak-walik roto, nganti daginge ketok ke-soklat2-an , campur kecap asin-e, wolak-walik nganti roto
  • Cilike genine, masak isi tumisan mau nganti bumbune ngresep,  cemplungke gulo putih-e aduk2, masak sedelo, nganti entek banyune, sat temenan. Angkat.
  • Corone nggawe Arem-Arem : Jupuk sak lembar godong gedang,  terus deleh  ±  2 sendok makan sego karon, ratakno kurang luwih kandel-e 1 cm, tumpangi nduwure sak sendok isi tumisan daging, banjur digulung nganggo godong gedang mau,  dowone  ±  8 cm.
  • Carane supoyo arem2 mau iso padet tenan, sak durunge di- biting-i, kiwo tengene sing isih bolong, didudul ( aandrukken ) nganggo papah gedang, utowo gagange sendok kayu, alon-alon, mlebu. Lagi di-biting-i.
  • Kukus nganti mateng  suwene ± 30 menit, banjur diangkat.

N.B.
Photo Arem-Arem iki, wujud durung dikukus.
Arem-Arem enak dienggo tambah sangu panganan yen pas lagi lelungan (picnick). 
Ora repot2, kari mbukak wae, langsung di-dahar.

 

Home Foto album BZ Group Pop Jawa MP3 My Blog